Mohon tunggu...
Lukito Lebdo Pitono
Lukito Lebdo Pitono Mohon Tunggu... Pengawas -

Supervisor

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Mengelola Lisan

2 Maret 2016   08:54 Diperbarui: 2 Maret 2016   09:04 43
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

“He wong-wong kang padha iman, aja nganti suwiji kaum ngenyek marang kaum kang liya (jalaran) isa uga kaum (kang dienyek iku) luwih apik tinimbang kaum (kang ngenyek) lan uga para wanita aja padha (ngenyek marang) wanita-wanita kang liya (jalaran) bisa uga wanita-wanita (kang dienyek iku) luwih becik tinimbang wanita (kang ngenyek) lan sira kabeh aja padha madani awak ira dhewe (sapadha-padhane wong mukmin) lan sira kabeh aja padha ngundang siji lan sijine klawan paraban-paraban kang ala. Saala-alane pangundang yaiku pangundang kang ala sakwuse iman (pangundang kang ora disenengi dening sing diundang), lan sapa wonge kang ora mertobat, mula dheweke kabeh iku kalebu wong kang kaningya.” (Alhujurat/49: 11).

Kadang kinasih rahimakumullah, lisan saged dados sumber kaawonan ananging nggih saged dados sumber kasaenan, gumantung tumindak kula panjenengan. Ananging perlu dimangertosi, njagi lesan punika mboten ateges mendel mboten ngedalaken pacelathon sakedik-sakedika. Njagi lesan ateges manfaatake lesan kengge babagan ingkang sae, kangge mbudidaya perkawis dakwah kangge nggayuh mimpangipun umat Islam ing saklebeting mbangun kekiyatan sahan kemajengan sahengga umat Islam dados umat ingkang tansah ngrembaka laras kaliyan owah gingsiripun jaman.

Para sedherek rahimakumullah, pamundhut aturipun inggih punika: napa ta kula panjenengan sampun sami njaga saha manfaatake lesan ing saklebeting kasaenan? Mangga samiya tansah ikhtiyar kangge menggalih lajeng caos syukur awit saking kanikmatan punika kanthi njagi lesan ingkang sampun dipun augrahaken dhumateng kula panjenengan saksae-saenipun amrih tansah ing saklebeting paugeran syariatipun.

Kadang kinasih rahimakumullah, mangga kula panjenengan manungku puja saha ngeningake manah nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah swt. amrih kula panjenengan tansah pikantuk hidayah saha panuntun ...

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun