Mohon tunggu...
Lukito Lebdo Pitono
Lukito Lebdo Pitono Mohon Tunggu... Pengawas -

Supervisor

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Mengelola Lisan

2 Maret 2016   08:54 Diperbarui: 2 Maret 2016   09:04 43
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Perjuangan dan kesungguhan usaha dalam mengelola lisan/meng-up date status/mem-posting komentar tidak kalah beratnya dengan upaya untuk merawat dan menjaga kemaluan!

Ibu, bapak, para sedherek rahimakumullah, ... mangga kula panjenengan sedaya tansah ngindhakaken raos taqwa wonten ngarsanipun Allah Azza wajalla, ingkang sampun paring anugerah werni-wernining  kanikmatan sahengga kula panjenengan saged ngayahi agesang tanpa setunggaling alangan. Shalawat saha salam mugiya tansah lumeber katur Rasulullah Muhammad saw., ingkang sampun ngasta ajaran agami ingkang leres, nun inggih ajaran agami Islam.

Para kadang rahimakumullah, Gusti Allah ngripta manungsa punika pun kantheni kaliyan maneka kanikmatan, antawisipun: nikmat kasarasan, kalodhangan, raos aman, gesang tentrem. Saking sedayanipun, mbok bilih dipunutus ngetang, kula panjenengan mboten badhe saged ngetang setunggal mbaka setunggal. Allah swt.  dhawuh ingkang tegesipun: 

 “Lan kalamun sira kabeh padha ngetung-ngetung nikmati Gusti Allah, sira kabeh tan bisa nemtokake gunggunge. Sejatine gusti Allah iku yekti Zat Kang Agung pangapurane lan Agung welase” (An Nahl/16: 18).

Ing antawisipun werni-wernining kanikmatan ingkang sampun diparingake Allah dhateng kula panjenengan nun inggih ing saklebeting badan wadhag pun anugrahi lesan. Kanthi kanugrahan punika, sampun dados kuwajiban mungguhing kula panjenengan kangge tansah nyukuri klawan njagi lesan saking sakwernining babagan ingkang pun karamake Allah saha Rasulipun, dhasaripun:

“Saking Sahl bin Sa’ad, panjenenganipun ngendikan: Rasulullah dhawuh: sing sapa wonge menehi jaminan marang awakku atasing kaslametane apa sing ana ing antarane saklorone balung tutuke lan apa sing ana ing antarane pupune sakloron, mula aku wani menehi jaminan suwarga marang dheweke.” (HR Bukhari & Muslim).

Saking wigatinipun lisan, ngantos-ngantos Rasulullah paring jaminan suwarga dhateng sok sintena kemawon ingkang saged njagi.

Lumantar lesan, kula panjenengan saged ngendikan kanthi sae; kula panjenengan saged ngginakaken lesan tumrap tumindak ingkang maedahi mungguhing  pribadi saya tiyang sanes, kadasta kangge dhakwah, mucal, tutur-tutur, lsp.

Ngrumaosi utawi mboten, kula panjenengan asring nyiyak-nyiyakaken lesan; kanthi mboten kraos kula panjenengan asring migunakaken lesan kangge setunggaling tumindak ingkang mboten manfaati malah ugi migunakaken lesan kangge tumindak ingkang mboten diparengaken dening agami.

 Para kadang kinasih rahimakumullah, Allah paring kanugrahan lesan dhumateng kula panjenengan punika mboten kangge digul-gulke klawan ilmu ingkang kula panjenengan gadhahi, mboten kangge ngapusi, mboten kangge ngenyek saha mboten kangge ngolok-olok; ananging kedah dipunginakaken kangge sakwernining perkawis ingkang sampun dipuntuntunaken dening Rasulullah.

Allah dhawuh ingkang suraosipun:  

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun