Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Rangkud Ora Nonton Wayang

7 April 2012   19:39 Diperbarui: 25 Juni 2015   06:54 656
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Rangkud Ora Nonton Wayang

dening Ki Ali Jawa Ngapak

Rangkud agi ngandhangna jago jaline nalika Jarmoko teka. Mbari thongkrong neng pipir ranggap, Jarmoko udud ora nawani Rangkud. “Mengko mbengi ming Puraketa yuh, kang? Ana wayang neng alun-alun. Dhalang Mantep.”

Rangkud ora gagian semaur, malah mlaku aring ngarep umah, njagong neng tundhagan kambi nyawang kulon. Kuning layung sing mrekabak neng langit kulon kae mratandani angger mengko mbengi agep terang ora ana udan. Lumrah baen angger Jarmoko sing padha dene seneng wayang kuwe ajek dolan aring Puraketa.

“Gelem apora rika? Kiye tanggapan nggo ulang taune Banyumas.” Jarmoko jebule wis njejeri njagong. Kukuse udud nggo dolanan, desbulna gawe bunderan-bunderan pirang-pirang. Bungkusane rokok deulungna aring Rangkud, sereke sisan.

“Nabres temen. Somelekete lehe-lehe.” Rangkud semaur sewise nyumed udud. Ora kaya Jarmoko, kukuse ora nggo dolanan.

“Leh, rame kiye mengko. Dhalang Mantep, koh. Alun-alun mesthi kebek. Rika mbokan seneng wayang?”

“Seneng sih seneng, ningen kan ora kabeh dhalang inyong seneng.”

“O..brarti rika ora seneng dhalang Mantep? Senengane kur dhalang Gino, kaya kuwe?”

“Ya ora kaya kuwe, lah. Mantep ya seneng-seneng baen, senajan sing paling seneng ya tetep dhalang Gino.”

“Lah, sih deneng rika ngomong nabres? Mayuh, koh. Mangkat bar maghrib baen, boncengan.”

“Domong bebeh. Nganah lunga dhewek angger ko kepengin nonton.”

“Lah, kepriwe sih rika? Mbokan kiye tanggapan wayang nggo ngramekna ulang tahune kabupaten Banyumas. Mesthi ramene. Eman-eman angger ora nonton.”

“Rame agep jidong.”

“Geh, kang. Rika tolih angger ana wayang mesthi akeh gelem nontone timbang orane. Kenangapa sekiye rika ora? Mbokan rika urung tau nonton Mantep seliyane neng tipi? Sekiye mumpung agi neng Puraketa, koh.”

“Domong bebeh. Mantep pancen maen. Sabetan wayange ora ana tandhinge. Ningen kon nonton mengko mbengi? Anu nggo ulang taune Banyumas? Sori, inyong mendhing nonton Liga Inggris, senajan sing main mengko kur Liperpul ya mendah. Kop nonton, ya los nganah.”

“Sasah busah, kawit mau rika deneng katone koh menot temen angger krungu ulang taune Banyumas. Keprimen, sih?”

Rangkud ora semaur. Tegesan udude debuang. Clekut njikot maning seler laten desumed. Katone bunek pisan mulane nggulih udud ora liren acan. Udude Jarmoko ikih, batine Rangkud. Bubar nyebulna kukuse udud, Rangkud mingser semendhing. Sikile dejegangna.

“Geh, inyong agep kandhah kenangapa inyong bunek krungu ko ajek nonton wayang dhalang Mantep. Kandhahe inyong kiye mengko bakalan dawa, ko gelem ngurngokna apora? Ningen ko ora kena nyelani. Rungokna baen mbari udud ngonoh. Udude ko dhewek ikih. Gelem?”

“Ya wis, kang. Inyong tek ngrungokna. Jal kepriwe kandhahe rika.” Jarmoko tiron mingser semendhing, sikile detekuk, sila.

“Kaya kiye.” Rangkud miwiti kandhah.

***

Banyumas seliyane minangka aran kabupaten uga minangka tenger/sebutan kanggo sewijine kesenian wayang kulit, gagrag Banyumas. Kayadene basa Banyumasan sing pancen beda lan sejen pengucapane ketimbang basa Jawa umume, kesenian wayang gagrag Banyumas uga beda lan sejen angger kesandingaken karo kesenian wayang Jawa wetanan (khususe gagrag Surakarta utawane Ngayogyakarta). Gagrag kuwe apa lan kepriwe gamblange? Jajal tek rampungna dhisit kiye kandhahe inyong.

Beda sing paling genah antarane gagrag Banyumas karo gagrag wetanan kuwe pancen paraga punakawan Bawor anak mbarepe Kyai Semar (neng wetanan arane Bagong, anak bontote Kyai Semar). Sengertine inyong ana maning sing mbedakna yakuwe paraga Antareja lan paraga Srenggini. Antareja (putrane Werkudara patutan karo Nagagini) angger neng gagrag wetanan uga dearani Antasena/Anantasena/Anantareja (neng gagrag Banyumas, Antasena kuwe putrane Werkudara patutan karo Urang Ayu). Srenggini neng gagrag wetanan ora ana, anane kur neng gagrag Banyumasan thok.

Sekang paraga telu mau, paraga Bawor sing paling mBanyumas-i. Mangsude, seliyane cara ngomonge sing ngapak mbloak tur cowag, metune Bawor (biasane pas gara-gara) uga cokan deiringi gendhing-gendhing Banyumasan kayadene Kulu-kulu, Gudril, Kembang Glepang utawane Eling-eling Banyumasan. Dadi paraga Bawor kena dearani migunani banget; minangka paraga sing pas banget kanggo nampilna kesenian gendhing-gendhing Banyumasan bareng-bareng karo ngrembakane kesenian wayang kulit gagrag Banyumas. Apa paraga liyane (punakawan Gareng lan Petruk umpamane) ora pas angger deiringi gendhing-gendhing Banyumasan?

Ngandhahna wayang kulit Banyumasan kayane kurang jangkep angger ora nyebut asmane Ki Sugino Siswocarito, dhalang Banyumasan sing banget kondhange lan kena dearani urung ana tandhinge, gedug sekiyene. Ora kur neng tlatah Banyumas kabupaten, ningen uga kondhang neng saindhenging tlatah Banyumas Raya. Seringe pentas neng Jakarta uga mbuktekna menawa panjenengane pancen deanggep dhalang sing “mrojol ing akerep lan punjul ing apapak”. Mbangkanen angger degatekna, sabetane Ki Sugino biasa baen ora apik-apik banget, nggulih ndagel ya ora sedawane pakeliran, malah kayane ya ora kabeh pandhemene niteni kayangapa panjenengane nggulih suluk lan nyandra paraga wayang sing agi dejejeraken. Dadi, jane apane sing marakna Ki Sugino banget kondhange nggulih ndhalang?

Neng jagad pakeliran ana tembung antawecana yakuwe pocapane paraga wayang, mbuh agi nggremeng dhewekan utawane agi wawan pangendikan karo paraga wayang liyane. Neng pakelirane Ki Sugino antawecana kuwe banget krasane --tembung “krasa” neng kene depilih kanggo ngambaraken menawa antawecana kuwe mau ora kur “keprungu”-- awit swara pocapan antarane siji lan sijine paraga wayang genah pisan bedane. Swarane Janaka, Puntadewa, Kresna, Duryudana, Dronadiwangsa, Semar, Bethara Guru, Ratu denawa sabrang sekrandhahe, Durga Bethari, Wisanggeni, Antasena, Anoman, Werkudanden, Gareng Petruk Bawor, apamaning paraga putri utawane dewi lan biyung emban. Kabeh krasa beda lan ora mokal angger sing padha nonton utawane ngrungokna ngasi duwe penyandra jere wayange kaya padha ngomong dhewek, saking apike nggulih nyuwarakna beda paraga siji lan sijine.

Antawecanane Ki Sugino sing kaya kuwe nyatane banget desenengi dening pandhemen wayang kulit neng tlatah Banyumas. Angger ana siaran wayang kulit neng radio sing dhalange koh dhalang wetanan akeh-akehe ya padha ngomong jere swarane wayang pada baen, onana bedane. Mulane saben-saben dhalang Banyumas sing antawecanane ora niru gayane Ki Sugino ya ora bakalan kondhang lan ora bakalan akeh tanggapane. Kena detiteni, dhalang-dhalang Banyumas sing maju dina maju kondhang kae mesthi anu nganggo gaya antawecanane Ki Sugino. Mangsude, dudu merga dadi muride lan niru plek jiplek aring Ki Sugino, ningen nerusna gaya antawecana sing wis dekembangna dening Ki Sugino. Angger neng pakliran wetanan kae swarane wayang siji lan sijine kaya ora ana bedane, ningen angger gagrag Banyumasan kudu ana bedane. Angger ora ana bedane, patute ya suka sisan gawe nganggo cara wetan, mawia nganggo Bawor ningen nganggo Bagong. Ora prelu nglebokna gendhing-gendhing Banyumasan angger ngepasi gara-gara.

Wayang kulit Banyumasan kudune lewih desenengi dening wong-wong penginyongan, wong-wong Banyumasan. Kenang apa? Mengko tolih ketemu nalare.

Inyong duwene akeh-akehe ya rekamane Ki Sugino, dadi ya madan ngematna semendhing-mendhing. Lakon-lakon sing depentasna dening Ki Sugino, akeh-akehe utawane sering-seringe ya lakon carangan kayadene Srenggini Takon Bapa, Srikandi Mbarang Lengger, Gatutkaca Edan, Petruk Ilang Pethele, Gareng Larung, Bawor Dadi Guru, Petruk Gugat, lan akeh liyane maning. Inyong kepengin ngandhahna semendhing sekang lakon Petruk Gugat.

Ana crita kaki Petruk merga labuh labete aring negara lan ratu gustine, kesembadan duwe bojo anak ratu yakuwe Kresnawati anake Prabu Kresna. Kiye minangka patuladhan menawa drajat kere pancen bisa munggah bale, waton ana setiyare. Neng lakon kiye uga decritakna menawa merga manut aring pambujuke kaki Dronadiwangsa sing jere baline Ngastina sigar semangka lan Ngindraprasta sewutuhe ora prelu nganggo Brantayuda angger Kresnawati dadi bojone Sarojakesuma, Arjuna lan Werkudara tega kepengin misahna Petruk kelawan Kresnawati. Begyane, bocah-bocah nom kaya dene Antasena lan Wisanggeni cancut tali wanda mbelani si Petruk nganti ora sida pisah kelawan Kresnawati.

Lakon Petruk Gugat kiye, seliyane pancen nelangsani temenan, uga aweh patuladhan menawa wong cilik bisa munggah drajade, wong drajad bisa akeh melike, lan bocah-bocah nom lewih gedhe semangate. Angger detiteni, lakon carangan sing kaya kiye kuwe akeh banget sing depentasna dening Ki Sugino, sing banjuran uga deterusna depentasna dening dhalang-dhalang Banyumas liyane. Turan, lakon carangan kuwe lewih akeh aweh kalodhangan kanggone gendhing-gendhing Banyumasan delebokna seliyane neng adegan gara-gara. Jajal baen sih, lakon Wahyu Windu Wulan kae kawit sore baen kaki Bawor wis cowag mbloak ibing-ibingan lan sesolahe bebendrongan. Dadi lakon carangan gagrag Banyumasan kuwe jangkep isen-isene; critane wayang ana, dagelane ya ana, patuladhane ya ana, ora kelalen kesenian gendhing-gendhing Banyumasane ya ana.

Lah angger wayang gagrag wetanan? Angger dhalange dhalang wetanan?

***

“Hmm..kaya kuwe. Dadi rika carane fanatik aring Ki Sugino? Jebule ya ora seneng aring dhalang wetanan?” Jarmoko mbari mrengut, nglirik bungkusane rokok kur gari rong ler. Layung neng langit kulon wis mipil ilang kesaput sendhekala.

“Ya ora kaya kuwe.  Inyong ya seneng-seneng baen aring dhalang wetanan, senajan pancen swarane kecreke baen wis ora patiya nyenengi neng kupinge inyong. Ningen angger Ki Hadi Sugito utawane Ki Anom Suroto tah inyong cokan betah ngrungokna wayangane. Angger Mantep ya suka ndeleng neng tipi pas agi perang thok. Tolih mbok dhalang sabetan kae.”

“Lah, mau kae dadinen rika katon bunek angger inyong ngomong kiye pentase Mantep nggo ulang taun Banyumas, kepriwe iya?”

“Hmm..ko bodho apa kepriwe? Kaya kuwe bokoh megin detakokena. Wis kanganah bali. Kari mengko agep nonton ya nganah los lunga dhewek. Inyong tah agep nonton Liga Inggris baen.”

“Lah, sih? Ujarku inyong agep mbonceng aring rika, koh.”

“Ndhasmu ruag, sih. Wis nganah bali! Ngeneh udude seler maning.” Rangkud menyat karo ngeluk beyekan.

Jarmoko mrengut. Rokoke gari seler.

[Tutug]

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun