“Domong bebeh. Nganah lunga dhewek angger ko kepengin nonton.”
“Lah, kepriwe sih rika? Mbokan kiye tanggapan wayang nggo ngramekna ulang tahune kabupaten Banyumas. Mesthi ramene. Eman-eman angger ora nonton.”
“Rame agep jidong.”
“Geh, kang. Rika tolih angger ana wayang mesthi akeh gelem nontone timbang orane. Kenangapa sekiye rika ora? Mbokan rika urung tau nonton Mantep seliyane neng tipi? Sekiye mumpung agi neng Puraketa, koh.”
“Domong bebeh. Mantep pancen maen. Sabetan wayange ora ana tandhinge. Ningen kon nonton mengko mbengi? Anu nggo ulang taune Banyumas? Sori, inyong mendhing nonton Liga Inggris, senajan sing main mengko kur Liperpul ya mendah. Kop nonton, ya los nganah.”
“Sasah busah, kawit mau rika deneng katone koh menot temen angger krungu ulang taune Banyumas. Keprimen, sih?”
Rangkud ora semaur. Tegesan udude debuang. Clekut njikot maning seler laten desumed. Katone bunek pisan mulane nggulih udud ora liren acan. Udude Jarmoko ikih, batine Rangkud. Bubar nyebulna kukuse udud, Rangkud mingser semendhing. Sikile dejegangna.
“Geh, inyong agep kandhah kenangapa inyong bunek krungu ko ajek nonton wayang dhalang Mantep. Kandhahe inyong kiye mengko bakalan dawa, ko gelem ngurngokna apora? Ningen ko ora kena nyelani. Rungokna baen mbari udud ngonoh. Udude ko dhewek ikih. Gelem?”
“Ya wis, kang. Inyong tek ngrungokna. Jal kepriwe kandhahe rika.” Jarmoko tiron mingser semendhing, sikile detekuk, sila.
“Kaya kiye.” Rangkud miwiti kandhah.
***