Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Tarjan

25 Februari 2012   05:44 Diperbarui: 25 Juni 2015   09:46 577
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Siti, Pak...Siti. Mbingungi pisan yakin. Ujarku ya inyong kurang apa. Tek belani inyong ora melik aring bocah wadon liyane, senajan ana wadon liyane sing malah nganyor cokan nakok-nakokna inyong. Ora tek gople wong genah inyong megin tresna aring Siti. Ningen Siti jan….hhhh…ora lumrah temenan..mbingungi pisan yakin." Tarjan miwiti wadul aring bapake.

Bapake Tarjan jane wis jeleh ngrungokna sambate anake lanang. Saben-saben anane kur Siti, Siti lan Siti. Mbangkanen kaya omonge aneke miki, ana bocah wadon sing cokan nakokna Tarjan. Malah mau sore bocahe nembeke baen ngeneh njujugna rantangan. Jere nggo Tarjan. Tarjan ora bali-bali, iwak ayame malah wis deplok dheweke.

"Celeh, kepriwe maning Siti? Ko sing kana apa? Ujarku ko wis setaun kiye ora ngambah ngkana nggunung. Detemoni Siti apa Sadam pamanmu maning?" Bapake pancen ngerti angger sing wis-wis ya bapane Siti sing cokan nemoni Tarjan. Eyange Sadam kae kakange eyange bapake Tarjan, dadi Tarjan nyambate paman.

"Iya, Pak. Sekang Puraketa sore mau inyong labas nganah. Kepengin dolan kambi njujugna martabak kelangenane Man Sadam. Ya kepengin ketemu Siti pancene. Wong ujarku ya wis suwe ora ketemu mbok menawa wis ana bedane, ana idhepe karo inyong. Jebule ya megin kaya ganu, Man Sadam maning sing mbatiri inyong kandhah."

"Oooo, kaya kuwe. Ya ndeyan bocahe anu megin ana rikuhe aring ko, wong genah sedurunge ya ora tau gelem nemoni. Ya jajal ngesuk ngemben gari nganah maning, tolih nden wis luluh atine. Mbok si Dali pacare ganu kae jere sekiye wis duwe anak? Tolih si Siti kudune nden wis kelalen karo si Dali. Mentakan megin wangkot ora gelem nemoni ko."

"Lah... angger kaya kuwe tah ya mendhing. Miki tolih wis tek omongna, Pak. Siti mbingungi pisan, koh. Nggelani banget."

“Mbingungi kepriwe mangsude? Apane sing nggelani? Jere Sadam sing mbatiri ko kandhah. Deneng ko ngarani Siti nggelani? Sing genah nggulih ngomong. Kuwe mawia udud dingin magen.” Bapake Tarjan ndhoyongna awake aring ngarep, kaya agep ngematna raine Tarjan.

Tarjan nyungcek udude. "Kaya kiye, Pak. Pancen ya Man Sadam sing mbatiri inyong. Suwe iya, wong Man Sadam baen njikot udude inyong ngasi pindho. Suwe-suwe ndeyan ya melas aring inyong. Dadi Man Sadam mlebu nyeluk Siti. Madan suwe Man Sadam nggulih ngarih-arih Siti kon nemoni inyong. Malah abane nggulih nuturi kambi ngomehi, senajan ora patiya gamblang inyong krungune. Temenan. Siti pancen sidane gelem metu nemoni inyong. Adhep-adhepan, matane katon teles kaya tes nangis."

Ibune Tarjan sing kawit mau memeng baen sekiye nyaut melu ngomong, "Brarti ya bener bapakmu miki. Kayane Siti megin rikuh tur isin nemoni ko. Kudu ndadak deomehi dhisit neng si Sadam. Wis gelem nemoni brati ya wis luluh atine. Ko kudune bombong, ora malah sewot kaya miki. Bapake kudu gagian nemoni Sadam kuweh, Pak. Delamar sisan baen. Sedhela maning tolih wulan Aji. Eh, lah si Naning mengko kepriwe, Pak?"

Ibune Tarjan katon ana seneng ana bingung krungu jere Siti gelem nemoni Tarjan. Senenge genah karepe anake lanang agep kesembadan. Bingunge, si Naning sing cokan njujugi rantangan kae kudu kepriwe nggulih ngadhepi? Mbangkanen saben teka kirimane ya mesthi kepangane. Ora ana sing mubah, ora ketang sing ngentongna ya bapake Tarjan. Tarjan dhewek ora tau gelem nyebggol-nyenggol acan. Dheweke malah kepengin sing njujugi rantangan kuwe Siti. Dudu Naning.

Detakoni plekara Naning, bapake Tarjan mung ngguyu lirihan. “Hehehe..si Naning tah drembug keri, Bu. Kiye Tarjan urung tutug nggulih ngomong, koh. Jere miki Siti mbingungi karo nggelani. Kepriwe mangsude, Jan?"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun