Semangat kuwe terus ana, gawe mrekitik
Nancep neng atine wadon tukang mbutik
Ora perduli panas-perihe
Guyuran udan dadi batire
Mangkat mruput, mangkal rombongan
Gesit guyub rayahan panggonan
Snajan ngadeg laka aub-aube
Diangkut ngalor-ngidul tambah bungahe
Ora peduli lagi ruwed pikirane
Ora peduli mbengi bar tukaran karo bojone
Tukang mbutik bombong atine,
Esuk kiye payu tenagane
Raine katon bungah mongah-mongah
Padahal lagi ngumpetna segudang masalah
Tumplek-blek ati madul-madul
Tukang mbutik ora bakal wadul
Silire angin sa dalan-dalan
Megarna semangat pengarepan
Rupane tenaga tuwa esih kanggonan
Snajan saiki akeh tukang mbutik nom-noman
Tukang mbutik terus semangat
Snajan udan tetep bae mangkat
Dadi pahlawan kanggo anak-bojone
Tetep sabar karo njaga harga dirine
Imam Chumedi, KBC-28
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI