Tangisane bayi mecahna sepine bengi
Jebrol sa lonjor neng alam duniawi
Seneng bungah mledak ora kira-kira
Mriceh karo syukur maring Sing Kuasa
Sangang wulan wis tak lewati
Meta-mete, gendal-gendol awan-bengi
Wis pepek kodrate dadi wadon sejati
Barang krungu tangise si jabang bayi
Umah ora suwung ora sepi
Barokah teka ngiringi tamu sing tilik bayi
Karo pada ndonga; "Muga-muga dawa umure,
Bagus-mulya akhlake, akeh rejekine,
Slamet-waras uripe"
Laka maning mara-padu
Mertua-mantu ora puca-pucu
Tepung siji sebab tangise jabang bayi
Nyirepna crita kawin sing ora direstui
Tangise jabang bayi dadi lakon
Ngudari mbesengut sing ora patut
Ngencerna perang otot sing wis tahunan
Nggatukna rai sing pada plengosan
Megarna maning mesem paseduluran
Imam Chumedi, KBC-28
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI