Ya Nabi...Ya Nabi Salam Alaik
Ya Rosul, Ya Rosul Salam Alaik
Â
Lagu-lagu kue ayem tak rasakna
Padahal enyong ora ngerti makna sing ana
Pokoke muji maring Kanjeng Nabi
Ngalap barokah karo syafaat
Mbesuk kanggo gatolan neng akherat
Diiringi terbang jawa
Sholawat nekakna rasa adem
Ana rasa kangen sing laka bandingane
Kangen karo kemulyaane Kanjeng Nabi
Sing mbuka padange jagad
Sing nerangi akhlake wong bejad
Kabeh pada maca sholawat
Ana sing sebab mahabbah
Ana sing sebab hormat
Ana sing sebab ngalap syafaat
Tua enom, lanang wadon
Gede-cilik, sugih-mlarat
Sa komando sa barisan sa tujuan
Bareng-bareng nyerokna puji-pujian
Maring menungsa sing dadi idaman
Ya Nabi....Ya Nabi salam alaik
Ya Rosul.. Ya Rosul salam alaik
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI