"E, e, e, wong kowe arep adus kramas tengah wengi njur weruh aku tapa ngeli sing mbokanggep arep nggodha kowe ngono, jare!" pambantahe Wulagang mekengkeng.
     "Huuuuu, kowe ngapusi. Ngreka-reka crita. Kana ndang lunga. Nyepet-nyepeti mata!" panjiyate Nawangsih judhes.
     Ing adoh kana Jibah isih ngulat-ulati momongane. Durung wancine dheweke melu candhuk lawung. Nanging bareng Jibah weruh ketebange Damarjati nyedhaki Nawangsih, dheweke uga terus cekat-ceket nyedhak Wulagang.
     "Kuwi lho, Kakang Damarjati, Cah Katan sing ngaku-aku tau ketemu aku neng pinggir kali wayah tengah wengi," wadule Nawangsih karo nggoceki tangane Damarjati.
"Sapa kowe, arep melu sladhangan ngurusi perkara iki. Huh, kana lunga. Aku ra butuh kowe!" panggedhage Wulagang.
"Yoh. Sing sudi mestani aku Damarjati. Krandhahe Kyai Wenang. Mula wis satrepe yen aku sabela Adhi Nawangsih."
"Hei, Lagang. Iya Kakang Damarjati iki priya sing arep takngengeri. Dudu kowe!" wuwuse Nawangsih santak.
"Loh, kok nggladrah omongmu, Nawangsih. Wong kowe wis nampa lamaranku thik gampang-gampange ngrayuk wong lanang," panutuhe Wulagang kemropok.
"Wis Gus, nantang perkara wong Gabus iki," cluluke Jibah. Sabacute ganti omong marang Damarjati. "Hei, cah bagus. Nawangsih kuwi wis dilamar Wulagang. Nggawa pitukon kebo lanang sungu dhaplang seseg lawang karo raja keputren sing ora sithik regane. Kok kowe lanyo-lanyo sumolondoro nyedhak-nyedhak Nawangsih iku apa rangkep nyawamu?"
Tanpa omong Damarjati tumuli nelung wit kepoh ing cedhak kono terus dibateg mengisor. Wih wih wih! Wit kepoh kang gedhene saprangkulan lan dhuwur banget kasebut teka bisa ruboh nganti rata lemah. Dupi weruh Damarjati gawe pangeram-eram mangkono mau, Jibah terus mak klepat lunga nggeret Wulagang. Nawangsih rumangsa cemeplong atine. Damarjati gageyan diruket keket kaya dipulut.
     "Matur nuwun, Kakang Damarjati. Tujune kowe enggal teka kene!"