Sauntara kuwi Damarjati wis miwiti babad gegrumbulan, greng ori bebondhotan kang dununge adoh sakidul-kulone banjar pomahane Kyai Wenang. Anggone bibrik bebadra mau kang mandhegani Ki Jagabaya. Lan entuk panyengkuyunge para tuwa-tuwa Gabus. Ki Kalim, Ki Kertasana, Ki Siwatu, Ki Nayacipta saanak-anake Sarwa lan Gayar kelayan satulusing ati padha melu urun-urun panemu sarta asok bau suku.
Kanyata Damarjati mula bisa manjing ajur-ajer. Saengga wong-wong Gabus kono rumangsa seneng lan sumuyud marang dheweke. Temahane anggone babad gegrumbulan, greng ori bebondhotan bisa lumaku kanthi rancag. Ora ana pepalang kang ndrawasi. Apadene ganggu gawene bangsa lelembut utawa titah sesiluman. Kabeh mau bisa katemahan jalaran wong-wong kang padha sabiyantu marang Damarjati iku ucap-ucapane dhemit ora ndulit, setan ora doyan.
     Kejaba saka kuwi sadurunge rumagang gawe Kyai Wenang lan Damarjati sami laku tirakat. Pasa nglowong lan patigeni sadina sawengi. Ujube anggugah ngelmu Sarining Gampang. Ngelmu kang wis diwedharake Kyai Wenang. Lakune pasa pitung Kemis lan pitung Senen. Ing saben malem Kemis diapalna kaping satus. Tundhone sakarepe tinekan. Sapa temen tinemenan.
     Nuju sawijining dina, natkala wong-wong sambatan kasebut padha ngaso salebare mangan awan, Damarjati miterang marang Ki Kalim ngenani crita sejarahe Gabus.
     "Critane embah-embah kula mbengen, Gabus niku langkung 'tuwa' timbang Pesantenan sing selajenge karan Pati. Dumadine Gabus niku iring-iringan kalih Paras," pratelane Ki Kalim kanthi tumemen.
     "Leres, niku!" panyaute Ki Kertasana. "Crita niku rak onten gandheng cenenge kalih Carangsoka lan Paranggarudha, sing teng pereng Gunung Sedaku kidul ngrika."
     Murih gamblange Ki Kalim terus crita kaya kang tau dicritakake dening embah-embahe. Kocape Menak Josari putra Adipati Yujapati iya Grudhapati iya Gurdhapati, Paranggarudha ngayunake Dewi Rayungwulan putra Adipati Puspa Andungjaya ing Carangsoka.  Suprandene Dewi Rayungwulan mbebana. Ing dina wiwahane njaluk dianani pagelaran wayang. Kang wayange bisa mlaku dhewe, gamelane muni dhewe. Dhalange Sapanyana, anadene sindhene Ambarwati lan Ambarsari.
Sarehne Adipati Yujapati bisa nemokake Dhalang Sapanyana dalah pesindhen Ambarwati lan Ambarsari, mula Menak Josari tumuli diarak menyang Carangsoka. Kacarita ing satengahe laku Adipati Yujapati pirsa lamun rambute Menak Josari kedawan. Murih calon temanten mau katon bregas lan nggantheng, Adipati Yujapati banjur dhawuh supaya rambute dicukur. Mangka satemene Menak Josari kuwi elek rupane. Ngeneg-enegi.
Sarehne Menak Josari kuwi bocah wangkal, ndableg, cubluk uga ndhugal mula apa kang dadi kersane Adipati Yujapati mau tansah dipancahi. Kocap sawuse dituturi lan direrimuk bebasan lambe satumang kari samerang temahane Menak Josari gelem dicukur. Emane durung nganti rampung kadadak ndhugale kumat. Menak Josari sakala mlayu emoh dicukur. Kanggo patilasan marang anak putu, papan panggonan Menak Josari dicukur mau banjur diarani "Paras". Paras, krama inggile cukur.
Natkala playune Menak Josari tekan salore kali ketututan pangoyake para pangiring temanten kang banjur direrimuk supaya mbacutake anggone cukur. Nanging bareng bocahe wis gelem cukur maneh, dilalah peso cukure dadi kethul. Kanggo kuwi peso cukur kasebut gageyan digabus si juru paras nganti dadi landhep. Nggabus kuwi ngosek peso cukur nganggo epek-epek utawa walulang samakan, piranti ubarampe tukang cukur. Mula rejane jaman papan kono banjur karan "Gabus".
Kejaba minangka pangeling-eling tumrap dumadine crita sejarah, uga darbe pangajab muga-muga wong-wong Gabus dadia brayat agung kang landhep daya pamikire. Jalaran daya pikir mono minangka pambeda utawa kang mbedakake kasampurnane jalma menungsa karo titah-titahe Kang Murbeng Dumadi liyane.