DENING: Khoeri Abdul Muid & Sra Adi Harjono
     Bali marang caritane Wulagang. Anak Ki Banjeng iku kaya ora sranta-srantaa diakon ngranti setaun. Yen lebar kuwi lagi bisa methik lan nyecep madune Kembang Desa Gabus. Kesuwen. Kamangka gotheking akeh jare jejaka ibarat dagangan mbako. Saya suwe ora payu saya mantep, ampeg rasane. Anadene prawan ibarat dagangan suruh. Esuk ora payu, sore wis alum.
     Wulagang satemene kepengin nggeguru marang Kyai Wenang. Nggeguru ngelmu sejati. Ngiras pantes nyedhaki Nawangsih. Suprandene ora tau kelakon. Ketemune bocah kuwi wani-wani angas. Olehe adreng kapidereng kepengin ketemu Nawangsih nganti dadi impen. Lamun wus ketemu sajroning impen, rasane ati wis plong. Saka rasa rumangsane wis mari kangen.
     "Gus, kowe kok ayem-ayem ae. Ora thik mbatin dolan-dolan neng Gabus. Ngabar-ngabarna bakal bojomu, iku piye?" panutuhe Jibah mringgakake becik.
     "Saiki duweke sapa, mbesuk duweke sapa, Lik. Ngantia kapan, ora wurung Nawangsih ya dadi bojoku. Wong wis dilamar," tumanggape Wulagang alah ora.
     "Ya dicedhaki ngono, Gus," pangoyake Jibah. "Ben mbesuk ora kikuk. Isih gendhulak-gendhulik nyedhaki bojo."
     "Ra sah ngono, Lik. Nawangsih iku najan adoh dununge, ning cedhak neng ati."
     "Dikandhani kok ngengkel. Nawangsih iku upama woh-wohan lagek wayahe suluh, Gus. Nek ora dibrongkos rapet, akeh uthute bisa digrogoti codhot utawa kalong."
     "Njur nek panemumu piye, Lik?"
"Ya disambangi, ngono!"