Mohon tunggu...
inu wicaksana
inu wicaksana Mohon Tunggu... Dokter - Dokter Psikiater

Dokter Psikiater

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Ngundhuh Wohing Pakarti

31 Mei 2021   17:53 Diperbarui: 31 Mei 2021   18:18 455
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

           Wosing cariyos jatukkramane Sadewa lan Tumirah klakon malem Selasa Kliwon. Karepe wongtuwane si Tum climen bae. Nanging gandheng tepungane wongtuwane Sadewa ajeh, semono uga kancane Sadewa lan Tumirah sing grapyak semanak, sing teka ndlidir. Sak langganan langganane warunge Tumirah tumpek bleg. Tujune konsumsine tandho nyukupi.

         Nganggo sumbangan Kethoprak saka para mudha mudhi desa, Kethoprak "Siswa Budhaya Mudha". Njupuk lakon "Adege Kraton Mataram Islam ing Kotagedhe". Rame banget, nganggo paprangan jempalikan salto.

         Sakyektine Sadwea lan Tumirah ya melu. Nanging sarehne lagi dadi nganten dilarang kanca kancane lan wong atuwane bocah sakkloron.

        Sinambi nonton kanca kancane main kethoprak sing gergeran, Sadewa nggegem tangane Tumirah. Tumirah mbales nggegem kenceng.

        Banjur krungu warta Bandempo ora bisa ketulung, kangmangka wis neng Rumah Sakit Pusat. Tumirah lan Sadewa mung theleg theleg.

        Oh  Gusti nggih margi pitulungan panjenengan Tumirah slamet saking bebaya rinudhapeksa. Ugi kula saged emah emah kaliyan pilihan kula nggih margi berkah Panjenengan, ngono batine nomnoman sakloron .

        Sadewa lan Tumirah klakon mbangun bale wisma. Urip begja, kebak sih katresnan, raharja lsn rahayu, nganti anak anak. Selawase. ****

(CUTHEL)
@Wisnu Puspodikoro

           

 

.  

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun