Tumirah banjur dientukake mulih.
    Dene Bandempo kanyata nduweni lara jantung gawan. Sak wayah wayah bisa kumat. Kesrempet truk iki mbokmenawa marahi kumate. Arepa sopire truk gelem tanggungjawab. Ngragadi kabeh sakbutuhe.
    Ing ndalan Tumirah omong karo simboke.
    "-Mbok mbok, apa kaya si Bandempo kuwi kaya sing dikandhakke wong wong tuwa kae, wong iku bakal "Ngundhuh Wohing Pakarti"?-
    -" Lha iya nduk. Begja awakmu slamet. Ya merga pitulungane Pangeran Kang Maha Kuwaos lan Maha Asih"- sumaure simboke.
        Pak Lurah melu omong.
    -" Ya muga muga wae dadi lan kapoke, njur balane bubar. Dadi desa kita aman. Ilang sing dadi kramane desa"- ing batin dheweke lega.
      Ora sakuntara suwe Sadewa njaluk wong atuwane nglamar Tumirah. Tumirah katon seneng, wis suwe dheweke anggone ngimbangi sih katresnane Sadewa. Syarate si Tum pengin nerusake sekolahe ing SMA lan SPG. Kanggo ndidik bangsa. Sadewa ora kabotan, malah nyengkuyung. Ana syarat maneh. Sakliyane kerja ibu rumah tangga lan ngladeni Sadewa, deweke pengin mbangun warung cilik pojok latar ngarep omahe Sadewa sing bawera.
     Arep nerusake dodolsn kupat tahu, merga langganane wis akeh. Iki ya Sadewa ora kabotan, malah nyengkuyung. Bukak warunge mung sore wae teksn jam 08.00 wengi.
     Wongtuwane Tumirah ya manteb lan bungah atine. Ya merga Sadewa nomnoman gagah pideksa, ngerti tanggungjawab, lan anake juragan mbako sugih.
                  ***