Mohon tunggu...
inu wicaksana
inu wicaksana Mohon Tunggu... Dokter - Dokter Psikiater

Dokter Psikiater

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Crita Pesindhen ing Perang Kemerdekaan

31 Mei 2021   09:02 Diperbarui: 31 Mei 2021   09:06 168
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

                 Darmasto banjur ngajak wongtuwane nglamar Mintarsih. Ditampa kanti mantep lan bungah atine. Karang ya wis suwe ngungun pemudha sing kebak tanggungjawab mimpin anak buahe, pinter lan waskita.

                 Mesti ya dipengestoni dening Ki Wskitokusuma. Lan bubar kuwi banjur nyekar kanca kancane sing gugur dadi bantening kenardikan.

                Nanging Mintarsih nduweni syarat. Arep ujian persamaan ing SMP lan SMA kanggo neruske ing Pendidikan Guru kanggo ndidik bangsa Indonesia.

           Syarat kang disarujuki Darmasto. Kebeneran dheweke ya wis nglamar dadi guru ing Tamansiswa, dadi pendereke Ki Hajar Dewantara.
                                   ***

                 Acara jatukkramane Letnan Darmasto lan Mintarsih kedadeyan ing ruang guru dalem Wirogunan. Ora neng Pendhapa Taman Siswa, mundhak nyolok mata.

                Diestreni dening Ki Hajar Dewantara piyambak, sakliyane Ki Waskitakusuma, wong atuwane nomnonan sakkloron, para kanca guru lan kanca gerilya. Sakwise ndongakke sepisan maneh kanca kanca gerilya sing gugur.

           Wengi kuwi rembulane padhang sumilak, ora kalingan mega. Kaya kaya melu nyekseni palakranane pejuang kamardikan sakkloron.

           Darnasto lan Mintarsih dhewe gumun lan lega atinr. Ora nyana yen bisa slamet urip bebrayan ing alaming kanardikan.
         
          Iku mau ya merga berkah lan keslametan saka Gusti Kang Maha Kuwaos lan Maha Asih. Lha yen ora ya tangeh lamun.
Darmasto lan Mintarsih bisa urip bebrayan kanthi kebak sih katresnan, rumangsa begja, tentrem, rahayu. Saklawase. ****

(CUTHEL)
@Wisnu Poespodikoro.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun