Mohon tunggu...
Indri Permatasari
Indri Permatasari Mohon Tunggu... Buruh - Landak yang hobi ngglundhung

Lebih sering dipanggil landak. Tukang ngglundhung yang lebih milih jadi orang beruntung. Suka nyindir tapi kurang nyinyir.

Selanjutnya

Tutup

Bahasa Pilihan

Politik, Jarene Dibenci Nanging Dilakoni

16 November 2020   10:10 Diperbarui: 16 November 2020   10:15 270
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Koq rasane kaya tumindak culika ngono? Yo jeneng politik kuwi bersiasat, ngatur strategi dalam rangka mewujudkan kebijaksanaan, mesti wae ono unsur-unsur sing rada nganu nek dirasa-rasakne. Tapi sepisan maneh, politik iku beda karo apus-apus. Yak'e lho ya.

Saiki kabeh dibalekno ning atine dhewe-dhewe. Nek kanggoku politik ki yo tetep perlu kanggo urip. Nek iso dicritakno hubunganku karo politik mirip roller coaster kae. Saka mbiyen ora seneng lan ora peduli, terus penasaran, njuk mulai sinau, terus kesengsem, bar kuwi blokekan, tapi yen saiki aku nyawang politik iku biasa banget.

Ho oh politik kuwi hal biasa, makane to dadi wong ki ra sah gumunan. Sithik-sithik benci, gak seneng, serik, pingin nyantet. Haish, benci koq ming sithik-sithik. ra keren blas. Mbok yo dadi pengikute teteh Vetty Vera wae, yang sedang-sedang saja.

"Terlalu benci jangan terlalu, terlalu cinta jangaaaann......." duh fals dek suaramu

Jare jaman ki tambah maju, manusia makin tercerahkan, teknologi tambah ngedab-edabi. Lha koq yo tetep wae mbendino isih pada kerah rebutan balung sing wis cetha-cetha ora ono daginge. Njuk nek wis kekeselen amarga ora ono sing gelem dadi wong waras, terus kabeh podo nyalahke politik.

Padahal politik salah opo jal? Kata benda lho kuwi, dheweke ora nduwe daya opo-opo nek sing nglakokke ora gendheng jiwane.

Filosofi sedang-sedang saja ki sakjane ora ming kanggo politik tok, opo wae yen dilakoni kanthi biasa ngono kuwi, mesti ndonya iki niscaya akan baik-baik saja. Bumi tetep bakal dadi omah gedhe sing iso dienggo ngayomi kabeh mahluk sing dadi penghunine.

Sakliyane kuwi yen kabeh digawe selow, opomaneh koq babagan politik,urip mesti bakal luwih tenang, menawa ono opo-opo yo level ambyar'e ora sepiro. Ibarat perkakas gerabah sing pecah, cuilane isih iso diraketke yen gelem usaha.

Iki jelas beda kanggo sing ngugemi keyakinan gas pol rem blong. Ono sing ngarani fans die hard. Sekaline ambyar, pecahane kaya perkakas beling, ajur tur landep. Rada mokal menawa arep diraketke maneh, lan iso natoni nek ora ngati-ati.

Makane kuwi, mending nyoba alon-alon supaya iso dadi manungsa sedang-sedang saja. Ora usah wedi yen ming iso dadi wong biasa. Saiki justru wis akeh wong luar biasa, ngko sedhela maneh wong biasa bakal dadi langka.

Jenenge rasa, tresna yo ora iso ditolak, wong kuwi peparingan nikmat. Ning tetep kudu ngerti bates. Semono ugo benci yo ora iso diendhani, nanging dijaga ben ora nerak paugeran.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun