Mohon tunggu...
fachri izzulhag
fachri izzulhag Mohon Tunggu... Seniman - Mahasiswa

Mahasiswa Universitas PGRI Madiun jurusan pendidikan bahasa dan sastra indonesia yang sekarang baru sampai semester 5

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Contoh Cerkak Bahasa Jawa

25 Desember 2022   22:44 Diperbarui: 25 Desember 2022   23:02 5308
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Bahasa Jawa memiliki banyak sekali materi yang harus kalian pahami, dari mulai aksara Jawa hingga jenis-jenis teks yang ada dalam Bahasa Jawa. Sama seperti dalam bahasa Indonesia, bahasa Jawa juga memiliki cerita pendek yang biasa disebut cerkak(cerita cekak).

Dalam laman Kemendikbud sendiri dijelaskan bahwa cerkak merupakan sebuah siangkatan dari cerita cekak atau dalam Bahasa Indonesia adalah cerita pendek. Cerkak sendiri dapat dimaknai secara luas sebagai sebuah cerita pendek yang padat dan langsung pada tujuannya.

Kali ini penulis akan memberikan satu contoh cerkak karangan penulis pribadi

Cerita cekak (Cerkak)

ISIN

Jenengku reno, Moreno sutomo. Umurku 23, aku wes gak dadi cah nom, ning you rung dadi wong tuo. Aku saiki wes kerjo dadi karyawan sing budal isuk muleh bengi tapi gajine mung umr ngawi sing ra semono gedene.

Uripku rasane monoton banget, isuk tangi, masak sarapan, budal kerjo, jupuk lemburan muleh kerjo mampir minimarket tuku rokok lan minuman energi rasa jeruk sing mbendino tak tuku bar mulih kerjo. Rasane kurang lengkap nek arep ngebarne dino iki tanpa rokok lan minuman jeruk favoritku iki

saiki dino kamis, podo biasane aku tetep lembur teko tengah wengi. Aku ra kangen omah, ra pengen cepet muleh, ra enek sing nunggu. Saiki aku muk focus karo gawean iki. Ra kroso wes tengah wengi lan gawean wes rampung kabeh aku aku siap siap muleh ning kosan ku sing terpencil iku, biasalah nggolek kosan sing murah. Aku muleh numpak motor tuo sing biasane tak nggo kerjo mbendino

dalan kroso sepi banget, hawane pun adem. Podo biasane aku selalu menggok ning mini market tengah sawah langgananku, soale jam semene raono warung sing iseh bukak. Dadi aku mesti tuku ning minimarket iki lan leren 10-15 menit kanggo rokoan lan ngombe minuman energi

"selamat malam selamat berbelanja!" awal mbukak mini market aku kaget krungu suara selamat malam seko wong wadon. loh kok tumben kasir ning shift malam minimarket iki wong wadon aku muni ngono ning njero ati, toh aku rapatio peduli lan tetep njupuk minuman lan ditambah njupuk mie instan kanggo sarapan sesok isuk lan ditambah tuku rokok kretek aroma teh sing mbendino tak tuku.

Aku lungguh ning kursi ngarep mini market lan ngerokok sebatang karo ngombe minuman iki. Aku ra reti ngopo aku ngeneki, moro moro aku ngingeti pegawai minimarket seko njobo cukup suwe. Pegawai minimarket iku melu ngingeti ning arahku. Mata ne awakedewe sempet ketemu sepersekian detik lan podo podo mulai saling ra ngingeti neh.

Dino jumat aku muleh tengah wengi. aku mampir ning minimarket iku maneh, aku mulai wani mbales senyuman e pegawai alfamart sing ngucapne selamat malam lan selamat berbelanja. Dino iki podo dino biasane persis gak berubah. Sing marai bedo yo minimarket tengah malam iki. Bengi iki aku tuku barang sing podo biasane. Pas teko kasir aku nyelehne minuman energi, mie kuah, lan aku nyebut njaluk rokok sing ono ning ngguri kasir. Moro moro kasir e mesem karo ngomong "maem mie instan karo minum energi drink ngeneki terus gak sehat loh mas" aku kaget lan raiso ngomong opo opo muk iso mesem lan ngguyu alon alon

Dino sabtu persis karo dino jumat wingi, aku tetep ning minimarket tengah wengi. bedone aku gak tuku energi drink rasa jeruk tapi tuku banyu putih kemasan. Teko kasir aku nyelehne barang  barang sing tak tuku. Mbak e ngomong neh "nah ngeneki lo mas mulai hidup sehat" aku mulai wani bales omongan e mbak e "hehehe iyo mbak, wedi aku sue sue ngingeti kasus penyakit grgr minuman" awakedewe mulai ngobrol sampe kabeh barang belanjaanku bar diitung

Dino minggu sing biasane waktu paling tak senengi tapi aku ngroso enek sing kurang, aku pgn cepet kerjo maneh pgn nemoni factor sing marai uripku ono bedane karo biasane

Seminggu iki aku semakin cedak karo pegawai minimarket iku, awakedewe sering ngobrol tiap aku muleh kerjo tapi enek siji hal, aku terlalu isin meh takok nomor lan identitas pribadi ne

Dino senin podo biasane tapi aku kaget sing dadi kasir e wong lanang aku mikir koyone mbak e kae pindah shift. Aku njajal moro ning minimarket iku pas awan tp tetep gak ono wong sing tak goleki.

Setelah beberapa hari aku tetep melanjutkan kebiasaanku sing ning minimarket iku tengah wengi muleh kerjo, tp dino iki aku memberanikan diri ngge takok soal mbak sing biasane ning kene karo pegawai cowo sing anyar iki.

"mas mba mba sing biasane shift malem ning kene saiki ning ndi ya mas?"

"siapa nami pegawaine mas?"

"ning name tag jenenge dina mas"

"oalah, kabare mbak dina mengundurkan diri mas, saiki raiso dihubungi juga"

"oalah matursuwun nggeh mas"

Aku nyesel mergo aku pengecut lan isinan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun