Mohon tunggu...
dodo priyono
dodo priyono Mohon Tunggu... petani -

lahir di Pati Jawa Tengah Indonesia pernah menjadi buruh migran di korea selatan

Selanjutnya

Tutup

Politik

Akale Dhukun

29 Mei 2016   16:38 Diperbarui: 29 Mei 2016   17:19 381
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Politik. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

Awaaak, awak…! Merdhukun malah nambah-nambahi munyeng! Upama ora anut-anut Juwari, kanca kenthel nunggal gaweyan blantik raja-kaya, mesthine ora sangsaya kaya ngene iki anggonku poyang-payingan. Embuh! Aku iki dadi uwong teka ora jejeg, miyar-miyur. Mula ya ngene iki dadine. Coba, aku rewang-rewangana. Yen ana kang pirsa, tulung aku dikabari. Ing endi ana randha telu nunggal saomah?

          Mbah Wikan dhukun Ngraci sing tak sowani paring weca. Aku bisa entuk pulihan lan bisa urip murwat kalamun aku entuk sarat masrut arupa rambute randha telu nunggal saomah. Mbah Wikan kuwi gurune Juwari. Biyen-biyene anggone golek bojo, penglarisan tekan tulak balak panyabaring tenung jengges, kabeh mau kandhane jare saka Mbah Wikan. Mulakna aku dadi semrinthil, kinthil marang akal-ikil trekahe Juwari.

          Tak akoni. Aku pancen kudu golek pulihan jalaran wis kapusan melek-melekan. Dhuwit seket yuta amblas gara-gara Bank Gaib. Wis kaya ngono ndadak bojoku, Trinil njaluk pegat. Alesane anggone kangelan seprana-seprene muspra tanpa tanja. Dhuwit semono mau entuk-entukan saka adol sapi lanang telu kang sumeja arep kanggo nata omah. Mangka nyatane sing kapleter ngopeni sapi-sapi kuwi ora ana liya ya si Trinil dhewe.         

Olehku golek sisik melik tak rewangi nungsang njempalik. Kaya wong edan ditabuhi, isin wirang tak lakoni. Aku thruthusan methuki kaur kesra alias modin ing endi-endi panggonan perlu golek keterangan. Jer kang nyekel data NTR, Nikah Talak Rujuk, kelahiran lan kematian mono pancen modin. Kepriye asile? Tobaaat, tobat! Anak putu aja ana kang nglakoni kaya aku. Aku malah padha digeguyu. Jian, sontholoyo!

          Suprandene nalika dina pasaran Kliwon, ing pasar kewan Ngulakan, Juwari gita-gita methuki aku. Dheweke aweh keterangan yen sing tak goleki seprana-seprene wis ditemokake. Embuh saka sapa teka bisa-bisane Juwari weruh lamun ing desa Bendar ana randha telu nunggal saomah kaya sing tak goleki mau. Mula saka kuwi utamane aku muji sukur marang Kang Murbeng Dumadi dene anggonku iktiyar diijabahi lan sacepete kudu tak tanjihake.

***

          “Kula nuwuuuuun…,” uluk-ulukku sinambi nata ati.

          Anggonku uluk-uluk wis bola-bali. Nanging panggah wae ora ana wangsulan. Omah tembok cakrik lawas iki katon singub lan sepi. Cet temboke mbladhus. Gek pekarangane ora kopen. Nitik saka kahanane genah arang mambu tangane wong lanang. Saupama aku diakon ngecet tembok apa ngopeni pekarangan kasebut, mesthi bakal tak lakoni kanthi satulusing ati. Janji diijoli bodholan rambute randha telu sing manggon neng omah kuwi.

          Ora weruh sangkan-sangkane, dumadakan saka arah mburiku jumedhul wong wadon adi yuswa mbagekake aku. Wong mau mesthi metu saka mburi liwat iringan omah.

          “Oh, mangga Nak, mangga…! Pangapunten lho nggih, kula nembe ibut wonten gandhok wingking. Mila nggih mboten ngertos menawi wonten tamu. Mm, mangga lenggah nglebet.”

          Aku manut sakreh-prentahe wong wadon kuwi. Kaya andhong katut jarane. Karo mlaku aku gagap-gagap miterang: “Kok repot piyambak ta, Bu. Keng putra wonten pundi?”

          “Oalah, Nak… Gadhah anak setunggal kemawon tebih panggenane. Dados Te-eN-I Angkatan Laut, dhinesipun wonten Surabaya,” pratelane si ibu sing kagungan dalem mau sawise lenggah. “Griya menika namung kula tenggani kaliyan ibu ingkang sampun thukluk-thukluk. Wong sampun yuswa wolung dasa sanga. Pikantuk tambah mawon nggih estri malih. Nembe-nembe menika kepenakan kula rak ndherek wonten ngriki ta, Nak. Mesakaken Nak, randha…! Dereng dangu kok, nggene pisahan.”

          “Wah, menawi ngaten dalem menika rak dipun lenggahi piyantun tiga randha sedanten nggih, Bu?” pitakonku ngyektekake.

          “Mila kasinggihan, Nak. Ning ketingalipun kepenakan kula menika kok taksih remen dhateng tiyang jaler tigasanipun. Asring dhelog-dhelog ngalamun. Panyawangipun tumlawung. Mila larenipun lajeng kula aken les njait dhateng Juwana, amrih kaslimur manahipun.”

          Lha dalaaa…! Ya pancen iki kang tak goleki. Randha telu nunggal saomah. Nanging terus kepriye anggonku nembung sarat-sarat sing tak butuhake? Ah, gampang! Aku bakal gawe pawadan, nggolekake sarat kanggo tambane wong edan. Jer nyatane aku pancen kaya wong edan. Lagi wae mikir golek ukara sing trep kanggo mbeberake gagasan mau, ujug-ujug…

          “Lha! Menika lho Nak, larenipun sampun dhateng!” aloke ibu sing kagungan dalem.

          Bareng weruh bleger pawongane, dhadhakan aku nggragap. Trinil. Bojoku, eh…, tigasanku! Kena apa dheweke ana kene? Apa iki omahe wong lanang sing kabar-kabare tau nggawa Trinil menyang Sumatra? Huh, trembelane tenan Juwari. Teka tegel-tegele dheweke njlomprongake aku!

          “Ngapa sampeyan ndadak mrene?!” pitakone Trinil alus. Parandene panyawange tajem nunjem ing pulung atiku.

          Saking anggonku ora cepak wangsulan, merga salugune angel anggonku arep mangsuli pitakon kuwi, pepuntone aku ganti takon. Dalan rupak wedi kedhisikan.

          “Jare nyang Sumatra, kok neng kene?!”

          “Aku pancen sengaja ngungsekake atiku ana kene! Ing daleme Budhe Wening. Ngapa aku kudu nunggoni desa sing tansah gawe kelara-laraning ati? Ing kana aku tansah weruh glibet sampeyan. Mangka sampeyan ora nyadhari. Sampeyan ora beda kaya geni. Sing sawayah-wayah bisa ngobong atiku. Mas Har…, tenane aku isih tresna sampeyan. Ning sampeyan wis gawe gelane atiku. Dhuwit seket yuta asil dodolan sapi lanang telu sing arep kanggo nata omah wis mbok buwang. Gara-gara sampeyan kabidhung  Bank Gaib!” pangucape Trinil kelayan mbrabak lan kembeng-kembeng mripate.

          Krungu omongane Trinil ngono mau, aku banjur mak nyut kelingan. Taun kepungkur ana wong ngaku-aku agen Bank Gaib duweke Nyai Krincing Inten ing Pulo Karimun Jawa. Wong mau bisa nggawe dhuwit kang ditabung ing Bank Gaib dadi tikel matikel. Dhuwit disetorake marang Nyai Krincing Inten kanthi cara disimpen neng lemari terus dikunci. Sinartan dianani ritual sacukupe banjur manjer lilin lan ngobong dupa hio. Kang aja tan ora, ora kena mati. Pitung dina candhake lemari lagi entuk dibukak. Iya ing dina kuwi dhuwit tabunganku wis dadi tikel sepuluh. Dadi aku wis duwe dhuwit limang atus yuta. Nanging dhuwit kang seminggu kepungkur dibuntel mori putih, bareng dina kuwi tak bukak jebul malih gunting-guntingan kertas koran. Sakdeg-saknyet sumrepet panyawangku. Aku wis kapusan melek-melekan!

          “Aku pancen luput Dhik Trinil… Dhek emben kae, wiwitane aku ya wis sanggarunggi. Ning aku kena gendam, Dhik. Gendam sing kekuwatane ngedab-edabi. Aja maneh kok nganti kena dijawil, dicablek utawa adu pandeng. Wong lagi kena sebul wae rasane dadi sengsem. Kang entek-entekane aku banjur kapilut lan kanyut jroning pangrehe si tukang gendam mau. Ning…, rak isih ana pangapura kanggo aku ta, Dhik?” Aku ngrepa-ngrepa kelayan keranta-ranta, saengga Trinil malih saya ndadi tangise.  

“Sik, ta…! Jan-jane iki piye genahe kok njur tetangisan?” Bu Wening munggel gunem bareng weruh Trinil ora kuwat ngampah tangise.

          “Nggih menika lho Budhe, tigasan tiyang jaler kula. Mas Suhar,” ature Trinil karo srikutan ngulapi eluhe.

          “O lha layak! Yen ngono mbok balen wae… Sing wis ya wis. Sing durung wae diati-ati. Anggep wae kaya ngimpi elek. Yen wis tangi rak ilang,” tumanggape Bu Wening. “Nggih Nak Suhar kemawon ingkang kedah saget ngrubah sikap. Sedaya perkawis kedah dipun timbang limbang kanthi permati. Lan sampun ngantos nilar musyawarah kaliyan tiyang estri. Tiyang estri sampun kangge kalah-kalahan, Nak Har.”

          Olehe tutur-tutur Bu Wening prasasat mblejeti aku nganti tanpa awer-awer rasane. Jare yen miturut swargi gurunadine, satemene wong lanang kuwi wis mlendir wong wadon. Nanging nganggo “atas nama” kuwajiban lan darma bektine wong wadon kang kudu ditindakake kanggo kulawarga. Ngopeni anak, mangsak, ngumbahi lan sapiturute. Ucap-ucapane, isah-isah durung garing wae, ubarampe mangsak lan mangane wis kaselak dianggo maneh. Engga wancine turu mengko, wong wadon iya isih kudu ngladeni wong lanang. Wong wadon. Korban perbudakan “atas nama” kuwajiban lan darma bekti!

          “Dhik Trinil, yen Budhe Wening iki budhemu, gene kowe biyen-biyen kok ora nate omong karo aku?” pitakonku ndhedhes-dhedhes. Rasane kok kaya ana bab sing ora kalumrah.

          “Tenane Budhe Wening iki ora sanak ora kadang karo aku, Mas. Budhe Wening iki mbakayune Mbah Wikan Ngraci. Aku dititipake Mbah Wikan ana kene dimen tentrem atiku. Ora keganggu sampeyan!”

“Nek ngono Dhik Trinil nate sowan Mbah Wikan?” pangoyakku kapiadreng.

          “He’ eh. Dhik Juwari sing ngajak!”

          “Juwari??! Cck cck cck! Bener, semua bisa diatur. Diatur dening akale dhukun!” panglocitaku. Perduli! Kang baku manik-manintenku sing ilang wis ketemu!!!

( C u t h e l )

Crita Cekak Dening: Sri Adi Harjono / Daniel Sutiyono

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Politik Selengkapnya
Lihat Politik Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun