“Oalah, Nak… Gadhah anak setunggal kemawon tebih panggenane. Dados Te-eN-I Angkatan Laut, dhinesipun wonten Surabaya,” pratelane si ibu sing kagungan dalem mau sawise lenggah. “Griya menika namung kula tenggani kaliyan ibu ingkang sampun thukluk-thukluk. Wong sampun yuswa wolung dasa sanga. Pikantuk tambah mawon nggih estri malih. Nembe-nembe menika kepenakan kula rak ndherek wonten ngriki ta, Nak. Mesakaken Nak, randha…! Dereng dangu kok, nggene pisahan.”
“Wah, menawi ngaten dalem menika rak dipun lenggahi piyantun tiga randha sedanten nggih, Bu?” pitakonku ngyektekake.
“Mila kasinggihan, Nak. Ning ketingalipun kepenakan kula menika kok taksih remen dhateng tiyang jaler tigasanipun. Asring dhelog-dhelog ngalamun. Panyawangipun tumlawung. Mila larenipun lajeng kula aken les njait dhateng Juwana, amrih kaslimur manahipun.”
Lha dalaaa…! Ya pancen iki kang tak goleki. Randha telu nunggal saomah. Nanging terus kepriye anggonku nembung sarat-sarat sing tak butuhake? Ah, gampang! Aku bakal gawe pawadan, nggolekake sarat kanggo tambane wong edan. Jer nyatane aku pancen kaya wong edan. Lagi wae mikir golek ukara sing trep kanggo mbeberake gagasan mau, ujug-ujug…
“Lha! Menika lho Nak, larenipun sampun dhateng!” aloke ibu sing kagungan dalem.
Bareng weruh bleger pawongane, dhadhakan aku nggragap. Trinil. Bojoku, eh…, tigasanku! Kena apa dheweke ana kene? Apa iki omahe wong lanang sing kabar-kabare tau nggawa Trinil menyang Sumatra? Huh, trembelane tenan Juwari. Teka tegel-tegele dheweke njlomprongake aku!
“Ngapa sampeyan ndadak mrene?!” pitakone Trinil alus. Parandene panyawange tajem nunjem ing pulung atiku.
Saking anggonku ora cepak wangsulan, merga salugune angel anggonku arep mangsuli pitakon kuwi, pepuntone aku ganti takon. Dalan rupak wedi kedhisikan.
“Jare nyang Sumatra, kok neng kene?!”
“Aku pancen sengaja ngungsekake atiku ana kene! Ing daleme Budhe Wening. Ngapa aku kudu nunggoni desa sing tansah gawe kelara-laraning ati? Ing kana aku tansah weruh glibet sampeyan. Mangka sampeyan ora nyadhari. Sampeyan ora beda kaya geni. Sing sawayah-wayah bisa ngobong atiku. Mas Har…, tenane aku isih tresna sampeyan. Ning sampeyan wis gawe gelane atiku. Dhuwit seket yuta asil dodolan sapi lanang telu sing arep kanggo nata omah wis mbok buwang. Gara-gara sampeyan kabidhung Bank Gaib!” pangucape Trinil kelayan mbrabak lan kembeng-kembeng mripate.
Krungu omongane Trinil ngono mau, aku banjur mak nyut kelingan. Taun kepungkur ana wong ngaku-aku agen Bank Gaib duweke Nyai Krincing Inten ing Pulo Karimun Jawa. Wong mau bisa nggawe dhuwit kang ditabung ing Bank Gaib dadi tikel matikel. Dhuwit disetorake marang Nyai Krincing Inten kanthi cara disimpen neng lemari terus dikunci. Sinartan dianani ritual sacukupe banjur manjer lilin lan ngobong dupa hio. Kang aja tan ora, ora kena mati. Pitung dina candhake lemari lagi entuk dibukak. Iya ing dina kuwi dhuwit tabunganku wis dadi tikel sepuluh. Dadi aku wis duwe dhuwit limang atus yuta. Nanging dhuwit kang seminggu kepungkur dibuntel mori putih, bareng dina kuwi tak bukak jebul malih gunting-guntingan kertas koran. Sakdeg-saknyet sumrepet panyawangku. Aku wis kapusan melek-melekan!