“Aku pancen luput Dhik Trinil… Dhek emben kae, wiwitane aku ya wis sanggarunggi. Ning aku kena gendam, Dhik. Gendam sing kekuwatane ngedab-edabi. Aja maneh kok nganti kena dijawil, dicablek utawa adu pandeng. Wong lagi kena sebul wae rasane dadi sengsem. Kang entek-entekane aku banjur kapilut lan kanyut jroning pangrehe si tukang gendam mau. Ning…, rak isih ana pangapura kanggo aku ta, Dhik?” Aku ngrepa-ngrepa kelayan keranta-ranta, saengga Trinil malih saya ndadi tangise.
“Sik, ta…! Jan-jane iki piye genahe kok njur tetangisan?” Bu Wening munggel gunem bareng weruh Trinil ora kuwat ngampah tangise.
“Nggih menika lho Budhe, tigasan tiyang jaler kula. Mas Suhar,” ature Trinil karo srikutan ngulapi eluhe.
“O lha layak! Yen ngono mbok balen wae… Sing wis ya wis. Sing durung wae diati-ati. Anggep wae kaya ngimpi elek. Yen wis tangi rak ilang,” tumanggape Bu Wening. “Nggih Nak Suhar kemawon ingkang kedah saget ngrubah sikap. Sedaya perkawis kedah dipun timbang limbang kanthi permati. Lan sampun ngantos nilar musyawarah kaliyan tiyang estri. Tiyang estri sampun kangge kalah-kalahan, Nak Har.”
Olehe tutur-tutur Bu Wening prasasat mblejeti aku nganti tanpa awer-awer rasane. Jare yen miturut swargi gurunadine, satemene wong lanang kuwi wis mlendir wong wadon. Nanging nganggo “atas nama” kuwajiban lan darma bektine wong wadon kang kudu ditindakake kanggo kulawarga. Ngopeni anak, mangsak, ngumbahi lan sapiturute. Ucap-ucapane, isah-isah durung garing wae, ubarampe mangsak lan mangane wis kaselak dianggo maneh. Engga wancine turu mengko, wong wadon iya isih kudu ngladeni wong lanang. Wong wadon. Korban perbudakan “atas nama” kuwajiban lan darma bekti!
“Dhik Trinil, yen Budhe Wening iki budhemu, gene kowe biyen-biyen kok ora nate omong karo aku?” pitakonku ndhedhes-dhedhes. Rasane kok kaya ana bab sing ora kalumrah.
“Tenane Budhe Wening iki ora sanak ora kadang karo aku, Mas. Budhe Wening iki mbakayune Mbah Wikan Ngraci. Aku dititipake Mbah Wikan ana kene dimen tentrem atiku. Ora keganggu sampeyan!”
“Nek ngono Dhik Trinil nate sowan Mbah Wikan?” pangoyakku kapiadreng.
“He’ eh. Dhik Juwari sing ngajak!”
“Juwari??! Cck cck cck! Bener, semua bisa diatur. Diatur dening akale dhukun!” panglocitaku. Perduli! Kang baku manik-manintenku sing ilang wis ketemu!!!
( C u t h e l )