"Yo gak mungkin ngono, Jo. Gak ono sukses mergo instan. Mi instan wae sek butuh 15 menit kanggo iso dadi mi sing koyok nang gambar bungkuse."
"Yo aku ngerti, Min. Makane aku dodolan roti, ora gawe mi instan."
"Tapi pangananmu kan mi instan."
"Iku biyen, Min. Jaman awakdewe kuliah."
"Lha saiki?"
"Yo roti, lah. Eman lek dibuang. Makane lek sisa yo tak pangan wae, utowo tak wehno awakmu."
"Jarene wong sing pelawak, nang omah ora bakalan ngelawak, Jo."
"Yo bedo, Min. Aku mangan roti kanggo menghemat dan menghargai hasil jerih-payahku sing ternyata gak kabeh wong gelem ngeregani. Dadi yo tak regani dewe gaweanku."
"Tapi opo ora bosen?"
"Buanget, Min."
"Lha mereka sing biasa nyolong kok ora bosen?"