Mohon tunggu...
Bening Christalica
Bening Christalica Mohon Tunggu... Mahasiswa - Mahasiswa

Seorang mahasiswa yang menyukai budaya, seni, dan sastra. Suka menulis dan menari

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Nawala Saka Ibu Bumi

24 Desember 2022   00:28 Diperbarui: 24 Desember 2022   01:02 435
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Nawala saka Ibu Bumi

Dening: Bening Christalica

Manungsa, aku kepengin takon marang kowe, apa padha tau krungu ukara Kasih ibu sepanjang jalan, kasih anak sepanjang penggalan? Ya kaya mangkono iku nasibku saiki, dadi ibu lan kowe para manungsa dadi anak-anakku. Asih tresnaku marang kowe sakdawane dalan, dene asih tresnamu marang aku mung sadawane garisan.

Jenengku Ibu Bumi. Ing Indonesia aku asring kasebut Ibu Pertiwi. Nanging kena ngapa masyarakat nyebut aku ibu? Masyarakat donya uga nggambarake aku kanthi rupa watak feminim. Aku kasebut earth amarga asalku saka tembung Terra Mater, yaiku asma sawijining dewi Yunani sing tegesé mother earth utawa ibu bumi.

Aku kasebut ibu lan digandhengake watak kang feminim amarga watakku meh padha karo watak ibu utawa wanodya manungsa. Ibu manungsa nglairake, ngramut, momong, lan nguripi anak-anake. Semono uga aku, aku uga nglairake, ngramut, momong, lan uga nguripi sawarnaning kang urip ing sandhuwurku.

Aku nukulake sawernaning wiji sing banjur dadi sawernaning tanduran lan wit-witan kanggo sumber pangan, sandang, utawa papan manungsa utawa sato kewan liya. Aku cawis banyu kanggo ngombe kabeh wewujudan kang urip. Aku nyediakake papan kanggo ngaso lan ngeyup. Aku nyedhiyani maneka warna barang tambang kanggo uriping manungsa. Aku nyedhiyani maneka warna saka alam supaya dadi sumber panguripan.

Saiki aku dak takon marang kowe, para manungsa. Apa kowe padha ora isin dadi manungsa? Kewan-kewan kae padha njupuk sakperlune saka aku. Nanging kowé padha srakah. Kowe padha njupuk lan njupuk akeh saka aku nanging lali genti aweh marang aku. Kepara kowe malah padha gawe polusi sing marai aku ora subur, kewan lan tanduran uga padha mati. Apa sing wis mbok wenehake marang aku kanggo gantine apa sing wis dak wenehake marang kowe?

Sadawane jaman aku asring mbok eksploitasi. Kowe padha nambang nganti gawe rusak lingkungan, gawe tatu ing awakku. Aku ngarani kowe kabeh kuwi sawijining wewujudan kang pongah. Dumeh Gusti wis maringi akal lan budi, kowe kabeh padha rumangsa nduwe hak ngolah aku njaba njero, kepara dadi lali njaga alam sing dadi sumber panguripanmu iki.

Dina iki aku pancen sengaja nyeluk kowe kabeh. Sawangen aku kanthi setiti. Rungokna kanthi permati tembang-tembang perihku sing keprungu lirih. Aku kepengin ngandhani laraku ora kanthi bengok-bengok. Aku kepengin mencok ana atimu. Manungsa, wis suwe kowe padha lena nandur industri sinambi panen polusi. Sawangen lingkungan kiwa tengenmu sing ora bisa uwal saka rusaking ekosistem lingkungan.

Apa kowe sadar wis overfishing ana kalen kanthi nyetrum golek iwak? Apa kowe sadar wis mbuwang limbah lan peceren ana kali? Apa kowe uga durung sadar menawa sampah-sampah lan plastik sing mbok buwang ana kalen kae wis gawe kewan-kewan kalen kelangan omah? Meh kabeh iwak lan sato kewan kalen saiki wis musna. Sampah sing mbok buwang sembarangan kae uga marai mambu, marai hawa ora kepenak.

Wit-witan sing dadi sumber paru-paru lingkungan uga mbok tegori tanpa mbok tanduri maneh. Sakliyane alam iki dadi panas nggrantang, sato kewan sing manggon ana wit-witan uga suda, kepara saiki malah musna.

Manungsa, majune teknologi jaman iki kudune bisa dadi salah sawijining piranti pambiyantumu kanggo ngolah alam lan lingkungan kanthi tumindak sing bener. Nanging kowe padha lena lan lali, saengga kabeh mau suwe-suwe malah dadi prahara. Sawangen kae, kalen, pinggir-pinggir dalan, sawah, lan lemah ing ngendi wae wis kecampur plastik. Lemah wis dadi cengkar. Tanduran pangan wis ora bisa urip subur, panenan mung sithik, lan akeh bangunan-bangunan anyar ngadeg ing sandhuwuring lemah.

Anakku, gelombang panas sing ngantem aku ing abad selikur iki udu mung ethok-ethok. Kuwi kedadean tenanan, saiki aku wis nandang pemanasan global.  Yaiku kahanan kang ora imbang ana ing ekosistem amarga munggahe suhu ing atmosfer, segara, lan daratan sing ana awakku. Kabeh mau ya amarga polahmu sing ngawur negori wit-witan saengga marai suhu panas. Sing gawe sadhengah penggawean saengga gas rumah kaca dadi dhuwur, anane emisi gas buwang kendaraan, limbah rumah tangga, limbah pabrik, limbah pertanian lan peternakan, boros listrik lan sisa pangan.

Saka sajroning ati aku duwe pangarep-arep supaya kowe kabeh enggal pada tumindak sing nyata kanggo nyegah remuking awakku   jalaran saka pemanasan global lan polusi. Dak elingke, menawa akibat saka pemanasan global lan polusi kuwi saiki wis asipat lokal. 

Bakal ana ketiga nglangka ing sadhengah papan.  Owah-owahan iklim uga bisa nyebabake kabeh awakku banjir, mudhune asil tetanen, lan munggahe banyu segara. Karana kedadeyan iki, bakal ana karusakan ekologis-klimatologi sing bisa nyebabake kerugian ekonomi gedhe.

Mula saka iku, enggala ngurangi gas rumah kaca, ngurangi bahan bakar fosil kanggo kendaraan lan industri, lan ojo boros listrik. Padha nandura akeh wit-witan utawa tanduran sing bisa kanggo ngeyup lan ngasilake woh sing bisa kanggo bahan pangan. Jaganen lingkungan sakiwa tengen omahmu supaya tansah ijo royo-royo. 

Ojo kakean migunakake plastik lan rabuk non organik. Ojo mbuwang sampah utawa limbah ana ing kali. Tindakna kabeh mau, ora mung mligi kanggo aku. Nanging uga kanggo kowe kabeh awit kowe bakal oleh pangan, sandang, lan papan. Kowe bakal ngundhuh hawa adhem, resik, lan seger. Lestarine sumber iline tuk banyu, eyup, lan nyipta iklim mikro. Pungkasane kabeh kuwi mau uga kanggo kepentingan uripe manungsa.

Ing tlatah Ngayogyakarta kowe padha duwe tradisi sedhekah bumi. Ana sadranan, gumbrengan, rasulan, lan sapanunggalane. Sedhekah bumi kuwi aja mung mbok mangerti krana ritual wae. Sedhekah bumi sing ana masyarakat kuwi sejatine dadi simbol harmonisasi antarane manungsa lan aku.

Kowe kudu mangerti yen kabeh sing mbok wenehake aku bakal bali minangka rejeki kang apik kanggo kowe uga.  Aku bakal menehi ngerti saperangan kabiasan padinan sing bisa mbok tindakake lan migunani banget kanggo aku. Tumindak sepele sing mbok wenehake aku kuwi bakal dadi amal murni kanggo aku. 

Menawa kowe padha nyuda migunakake plastik, ngirit listrik, nandur wit akeh supaya manuk utawa kewan liyane mangan woh saka wit sing ditandur, utawa ngresiki sampah ing kali cedhak omahmu, iku cara prasaja menehi sedhekah marang aku.  Sedhekah saka kowe sing kaya mangkono iku  sing wigati banget kanggo aku. Nanging minangka bumi aku bakal dadi sing tansah menehi tanpa ngarep-arep bali. Prasaja. Kaya ngono wae.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun