Mohon tunggu...
Erwin Ivan Vinanda
Erwin Ivan Vinanda Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa di SMA Negeri 2 Bae Kudus

saya seorang guru dengan 1 orang istri dan dianugrahi 3 orang anak yang luar biasa. Hoby olahraga, traveling dan menulis.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

RPP Cerita Legenda, Asal Usul Tempat

17 November 2022   18:00 Diperbarui: 17 November 2022   18:06 976
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

"Oh Gusti. Pejah kula," Ngendikapiun Putri Shinta Dewi,"  Pranyata, Pangeran Kidang Gerungan menika pawakaniun manungsa nanging asirah kidang!"

Putri Shinta Dewi rumaos cuwa. Nanging sedaya sampun kalajeng. Panjenengaipun sampun kalajeng nampi lamaranipun Pangeran Kidang Gerungan. Sang putri sampun niat kepengin nampi, ananging manahipun tetep mboten purun nampi. Mila Sang Putri lajeng pados rekadaya supados palakramanipun kaliyan Pangeran Kidang Gerungan  punika wurung.

Saderengipun upacara pawiwahan kaleksanan, Sang Putri nyuwun sarat ingkang awrat sanget dhumateng Pangeran Kidang Gerungan.

"Kawuningana  Pangeran Kidang Gerungan .! kawula ingkang manggen wonten ing tlatah ngriki  kathah sanget kekirangan  toya kangge kabetahan pedintenanipun. Mila kula nyuwun dipun damelaken sumur ingkang ageng lan lebet. Kula mboten purun kagarwa panjenengan menawi sumur pinika dereng dados," Pamundhutipun Sang Dewi. Nanging pandamelipun sumur punika kedah kadamel  Pangeran Kidang Gerungan piyambak," Pitungkasipun sang Dewi.

Kanthi panyuwun punika , Putri Shinta Dewi gadhah penggalih menawi sang Pangeran mboten saget minangkani panyuwunan punika, palakramanipun bakal  wurung. Nangging mboten kanyana-nyana Pangeran Kidang Gerungan  kagungan kasekten linuwih.

 "Iya Diajeng . Pun Kakang bakal ngkeksanani apa panyuwunmu iku," Pangandikanipun Pangeran Kiadang Gerungan.

Dinten punika ugi Sang pangeran damel sumur wonten ing papan ingkang sepen ingkang sampun katemtokaken dening Sang Putri.

Kanthi angginakaken kasektenipun, Sang Pangeran miwiti damel sumur. Sang Pangeran ngginakaken sungunipun kangge ndhudhuk siti ingkan atos.

Nalika sumur badhe dados, Sang Putri Bingung sanget.

"Pangeran Kidang Gerungan pancen sekti. Kepriye mengko dadine yen sumur iku rampung temenan," Ngendikanipun Sang Putri. " Ah ora. Aku emoh kagarwa karo Sang Pangeran. Aku ora lila yen sumur iku dadi.

Putri Shinta Dewi ndhawuhaken dhumateng para prajurit lan abdinipun supados enggal enggal ngurug sumur punika. Sang Pangeran Kidang Gerungan mboten rumaos manawi piyambakipun sampun dipun apusi. Sang Pangeran nembe mangertos sasampunipun urugan-urugan punika ngenngingi badanipun Sang Pangeran. Piyambakipun mbengok supados Sang Putri kendel anggenipun ngurugi badanipun ing salebeting sumur punika.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun