Mohon tunggu...
Erwin Ivan Vinanda
Erwin Ivan Vinanda Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa di SMA Negeri 2 Bae Kudus

saya seorang guru dengan 1 orang istri dan dianugrahi 3 orang anak yang luar biasa. Hoby olahraga, traveling dan menulis.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

RPP Cerita Legenda, Asal Usul Tempat

17 November 2022   18:00 Diperbarui: 17 November 2022   18:06 976
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

Dumadine Candhi Prambanan

Sawise ngalahake lan mateni Prabu Boko, Bandung Bandawasa nguwasani kraton Prambanan lan madeg ratu ing kono. Nalika mlebu taman kaputren Kraton Prambanan, Bandung Bandawasa kasmaran karo Rara Jonggrang, putrine Prabu Boko. Dheweke banjur ngajokake panglamar marang Rara Jonggrang. 

"Jonggrang, manuta wong ayu dadi garwaku." Ngendikane Bandung Bandawasa. "Duh sinuwun kula namung sendika dhawuh", Wangsulane Jonggrang. "Saderengipun kula minangka garwa paduka Sinuwun, kula nyuwun dipundamelaken candi cacah sewu kaliyan sumur kembar Sinuwun," mangkono panjaluke Rara Jonggrang.

Rara Jonggrang sing wis dadi putri telukan ora wani nolak panglamare Bandung Bandawasa amarga wedi yen dipateni. Kanggo nolak alus, Rara Jonggrang banjur njaluk digawekake candhi cacah sewu lan sumur kembar kuwi kudu rampung sajroneng wektu sawengi.

"Iya bakal dak saguhi panjalukmu Jonggrang"  Bandung Bandawasa nyaguhi panjaluke Rara Jonggrang. "Nanging pandamelipun kedah rampung satunggal dalu kemawon Sinuwun," Bandung Bandawasa banjur budhal mbangun candi sewu.

Nalika Bandung Bandawasa budhal , Rara Jonggrang mrentahake telik sandi supaya namatake sapolah tingkahe Bandung Bandawasa.

 "He ... para  lelembut kowe kabeh gawea candi cacah sewu nanging kudu sewengi iki dadi," Bandung Bandawasa mrentahake para lelembut andhahane supaya mbangun candi. "Inggih sinuwun badhe kula estokaken dhawuh paduka,". Telik sandi banjur lapuran manawa anggone mbangun candhi direwangi para lelembut. Rara Jonggrang banjur mrentahake para kawula Prambanan supaya padha tangi lan wiwit nyambut gawe sanajan isih tengah wengi. "He...para kawulaku ing Prambanan kowe kabeh padha tangia, padha wiwita nyambut gawe sanajan isih tengah wengi, kanggo murungake sedyane Bandung Bandawasa,"

Prawan - prawan ndesa banjur padha nutu pari ana ing lesung sinambi kothekan. Pitik-pitik padha digugahi. Jagone padha kluruk, babone petok-petok. Krungu jago kluruk, para lelembut sing lagi mbangun candi ngira manawa wis esuk, banjur padha bali ninggal pagaweane. "Ayo padha bali wangune iki wis wayah esuk wis entek wektune kanggo gawe candi," mangkono pangajake wadya lelembut. "Ayo, ayo mengko mundhak selak kadenangan manungsa," mangkono wangsulane lelembut liyane. Wusana pambangune candhi ora rampung, mung rampung 999 candhi.

"Jebul kabeh iki mau rekadayamu Jonggrang, kanggo murungake sedyaku nggarwa kowe," Bandung Bandawasa duka. "Candi iki kudune rampung nanging kurang siji merga paekamu, mula ganepe sewu kawe Jonggrang."

Rumangsa dipaeka, Bandung Bandawasa nesu. Rara Jonggrang disedakake dadi reca sing kaping sewu ngganepi 999 candhi sing kasil dibangun dening para lelembut. Dene prawan-prawan sing ana sakupenge candhi Prambanan di sepatani dadi prawan tuwa.

(Kulina Basa Jawa IX : 64)

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun