Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Bahasa Pilihan

Kaya Sudra Rupa Durjana?

6 Juni 2024   19:40 Diperbarui: 6 Juni 2024   20:01 120
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Ora pisan pindho yen aku mlebu toko ing mal ora pati dianggep karo pramuwisma.

Nalika lagi wae mlebu, eseme lan sapane katon nyenengake.

Sabanjure yen deleng barang sing dakkarepake, para pramuwisma katon yen aku dianggep kaya-kaya ora bakal bisa tuku.

Iki dudu mung barang sing larang regane lan durung umum, kayata piranti jedhing jaman saiki, arloji kesehatan (smartwatch), lan mobil. Malah uga barang kang wis umum kayata hape, sepatu olahraga, lan sepeda motor.

"Pak, mobil menika reginipun antawis kalih atus yuta..."

"Menika iPhone sanes hape biasa reginipun semanten..."

Omongan kaya ngono kuwi kadang gawe gelane atiku lan kaya-kaya kudu nyuwol lambene sing ngomong.

Untung wae pesene Ki Badranaya menawa sapa wae kudu eling lan waspada.

Eling kudu sabar lan jembar dhadhane.

Aku eling yen pawakanku cilik. Pakeyan sing dakgawe ya sakmadya ora kaya young excutive sing perlente. Nanging uga ora awut-awutan sakkenane kaya nalika bali saka sawah wayah bedhug.

Menawa para pramuwisma mau duwe penganggep aku kaya para sudra lan rupane kaya durjana.

Dudu Gatotkaca utawa Arjuna. Apa maneh wong sing sugih donya brana.

Eling pituture Ki Badranaya, aku mung ngelus dhadha lan ing sajroning galih mbatin 'sabar... sabar...'

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun