Ora pisan pindho yen aku mlebu toko ing mal ora pati dianggep karo pramuwisma.
Nalika lagi wae mlebu, eseme lan sapane katon nyenengake.
Sabanjure yen deleng barang sing dakkarepake, para pramuwisma katon yen aku dianggep kaya-kaya ora bakal bisa tuku.
Iki dudu mung barang sing larang regane lan durung umum, kayata piranti jedhing jaman saiki, arloji kesehatan (smartwatch), lan mobil. Malah uga barang kang wis umum kayata hape, sepatu olahraga, lan sepeda motor.
"Pak, mobil menika reginipun antawis kalih atus yuta..."
"Menika iPhone sanes hape biasa reginipun semanten..."
Omongan kaya ngono kuwi kadang gawe gelane atiku lan kaya-kaya kudu nyuwol lambene sing ngomong.
Untung wae pesene Ki Badranaya menawa sapa wae kudu eling lan waspada.
Eling kudu sabar lan jembar dhadhane.
Aku eling yen pawakanku cilik. Pakeyan sing dakgawe ya sakmadya ora kaya young excutive sing perlente. Nanging uga ora awut-awutan sakkenane kaya nalika bali saka sawah wayah bedhug.