Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Gegara Corona Aku Bali Menyang Desa [Corona Membuatku Kembali ke Desa]

5 April 2020   14:42 Diperbarui: 5 April 2020   14:47 587
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bapak: Bantu Emakmu jualan rujak ya.... Dokpri

Ora usah cilik ati, ora usah digelani, ora usah bingung, ngono kuwi wis kersane Pangeran Gusti Allah kang akarya jagad. Urip kuwi kaya roda manggilingan kala ing ndhuwur tansah kepenak, kala ing ngisor kepidek-pidek. Dene kowe durung isa mendhuwur iku ngono wis pesti sing kudu dilakoni. Yen kowe saiki kudu bali nang omah ya ora apa-apa.

Iku kandhane Emak nalika aku bali nang desa merga mall panggonku nyambut gawe kudu tutup kanggo medhot sebarane Covid-19 sing saiki dadi pageblug sakdonya. Sepira getunku, nyambut gawe ing kutha durung setaun sakwise lulus SMK saiki nganggur maneh.

Isih eling nalika Bapak lan Emak budhal ngeterna aku kos ing salah sijine kampung tengah kutha. Ing kamar cupet tengah kampung ciyut adoh saka kahanane desa sing amba. Nanging kudu dilakoni supaya uripku bisa mentas tinimbang bapak lan emak sing mung buruh tani.

Padhang sorote lampu mall, pertokoan, lan embong-embong mung nggambarake gumebyar donya sing saklerapan banjur dadi peteng remeng-remeng. Kaya eseme aku lan para kanca sing kudu tansah ngadeg lan ngrasakake kemenge sikil nanging kudu esem gumuyu nyapa wong kang tetuku utawa mung ndeleng-ndeleng wae sajroning mall.

Durung suwe aku nampa bayaran sing saben sasi mung cukup kanggo mangan, mbayar kos, tuku pulsa, lan ongkos bali menyang desa, saiki gelem ora gelem kudu ngrewangi emak ing omah. Ora bakal aku isin ngrewangi matun utawa derep apa maneh panen bayem, kangkung, lan kulupan liyane. Utawa dodolan rujak ing ngarep omah kaya piwelinge bapak.

Mung panyuwunku nalika dedonga, muga Gusti Pangeran kang maha asih enggal ngilangake pageblug Covid-19 iki.

Bapak: Kembali ke desa tak perlu disesali, Dokpri
Bapak: Kembali ke desa tak perlu disesali, Dokpri
Bapak: Bantu Emakmu jualan rujak ya.... Dokpri
Bapak: Bantu Emakmu jualan rujak ya.... Dokpri
Putri: Aku gak malu kok jadi petani. Dokpri
Putri: Aku gak malu kok jadi petani. Dokpri
Tak perlu kecil hati, tak perlu disesali, tak usah bingung, apa yang terjadi sudah menjadi kehendak Tuhan Allah pencipta alam semesta. Hidup itu bagaikan roda yang berputar, kadang kita berada di atas dan merasakan hidup yang nyaman, kadang harus berada di bawah seperti terinjak-injak. Jika hidupmu belum pernah merasakan seperti yang kau harapkan itu adalah hal yang harus kau jalani. Bila hari ini kau harus kembali ke rumah ya tak apa-apa.

Itulah kata Emak kala aku kembali ke desa karena mall tempatku bekerja harus tutup untuk memutus penyebaran Covid-19 yang saat ini menjadi pandemic dunia. Betapa sedihku, bekerja di kota belum setahun seusai lulus SMK sekarang menjadi pengangguran.

Masih terkenang, kala Bapak dan Emak mengantarku ke tempat kos di salah satu kampung tengah kota. Di kamar yang sempit sebuah kampung yang sempit pula jauh dari suasana desa yang leluasa. Namun harus dijalani karena aku ingin mandiri dari orangtua yang hanya buruh tani. 

Sorot lampu mall, toko, lan jalan-jalan hanya menunjukkan gemerlapnya dunia yang hanya sekejap lalu beralih kembali menjadi remang-remang. Seperti para SPG yang harus capai berdiri sambil tersenyum menyapa para pengunjung yang ingin membeli atau sekedar jalan-jalan.  

Belum lama aku menerima gaji yang setiap bulan hanya cukup untuk makan, membayar kos, beli pulsa, dan ongkos pulang ke desa seminggu sekali, sekarang mau tak mau harus pulang dan membantu Emak bekerja di rumah. Tak malu aku membantu bekerja di sawah untuk menanam, merawat, atau panen padi dan juga memetik sayur-sayuran. Atau berjualan rujak di depan rumah seperti pesan bapak. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun