Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Bahasa Pilihan

Basa Jawa Lagi "Klenger lan Semaput"

31 Oktober 2018   09:07 Diperbarui: 31 Oktober 2018   09:33 1002
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Iku mung bab pacelaton sing lumrahe kudu digawe saben dinane. Kanggo menehi jeneng putra-putrine wae ora ngerti. Coba ana bocah wadon sing jenenge Lusi Herawati. Ing Basa Jawa 'lusi' kuwi ateges cacing. Dene 'herawati' ateges bledhek. Dadi Lusi Herawati tegese bisa 'cacing disamber bledhek' Cacing disambar petir!

Kancaku dhewe ana sing jenenge Ismayawati. Ismaya kuwi Semar. Wati ateges wadon. Ismayawati tegese 'semar wadon' Padahal Semar kuwi lanang! Apa ana Semar wadon?

Aja nganti ana aku krungu lan weruh ana bocah lanang sing jenenge Durjana.

Durjana kuwi ateges maling.

Piye maneh yen bab tetembungan sing kudu dimangerteni kanti surasa ing galih. Sing duwe pesen-pesen kanggo nglakoni urip.

Kayata:

Urip urup sing ateges urip kuwi bisa dadi suluhing liyan. Ora mlempem kaya krupuk ayem. Nglemprek ora ana gunane blaaasss.....

Ngangsu kawruh. Ngangsu utawa golek banyu ing belik utawa sumur wae ora tau. Mung kari  cuuuur....wis oleh sak ember.

Yen duwe pengarep Basa Jawa tetep dadi pengayome budhaya Jawa kang adi luhung, ayo padha nganggo Basa Jawa. Nalika ngomong karo sapa wae lan nulis apa wae.

Bisa ta?

Iki lho dak pameri aku bisa nulis cerita lan geguritan.

Rahayu.....rahayu.....rahayu

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun