DARUNI jenenge. Randha kang lagi dadi pocapane para priya, sawuse pegatan karo Tarmuji bojone - wong kang asring kaceluk Pak Bos. Mula ora aneh, rikala Daruni ngunggah foto profil-e ing facebook, akeh pria pada aweh tandha like, love, wow, sarta pangalembana, "Keren abis!"
Pangalembanane para priya marang Daruni iku dudu isepan jempol. Amarga randha iku pancen ayu, eseme mranani, irunge mancung, mripate sumunar, rambute ngandhan-andhan, pawakane weweg, lan pakulitane kuning nemu giring. Ora gumunke, menawa Nanang wong asli Brebes kang wus rong wulan ditinggal Ratri bojone kerja dadi sekretaris perusahaan mebel ing tlatah Semarang iku uga kepengin pitepungan karo Daruni lantaran messengger.
"Sugeng dalu, Jeng Uni." Nanang miwite obrolane karo Daruni lantaran messenger. "Kersa pitepangan kalih tiyang dhusun kados kula menika?"
"Nggih kersa, Mas," jawabane Daruni kang gawe seneng atine Nanang. "Kados kedhawahan rembulan, kula saged pitepangan kalih Mas Nanang. Jenengan ingkang asring nyerat puisi wonten koran toh? Kula asring maos lho."
"Nuwun kawigatosanipun." Sanalika atine Nanang mekrok kaya kembang ing tamansari. "Kejawi wonten facebook, Jeng Uni ugi asring nyerat puisi wonten blog nggih? Kula asring maos. Sae puisi-puisinipun. Kula remen."
Senajan rumangsa menawa pangalembanane Nanang ora tulus, amarga puisi-puisine durung kepetung duwe bobot, nanging Daruni banget bungahe. Kejaba bisa tetepungan karo Nanang, dhweke duwe pangajab bisa ngangsu kawruh babagan ngripta puisi marang penyair kang monjo jenenge iku.
"Anggenipun paring wangsulan kok dangu, Jeng? Nembe repot?"
"Nembe mikir, Mas."
"Mikir menapa?"
"Menawi kersa, mbok inggih kula dipunwuruki kados pundi saged nyerat puisi ingkang sae. Kados puisi-puisinupun Mas Nanang. Kersa toh? Menawi kersa, menapa kula saged kopdar kalih jenengan?"
"Remen menawi kula saged pepanggihan kaliyan Jeng Uni." Jejingkrakan atine Nanang sawuse kekarepane cedhak karo Daruni bakal kaleksanan. "Benjing Minggu, kula badhe maos puisi wonten Titik Nol, Yogya. Menawi saged, jenengan dugi nggih. Mangke kula tuwin jenengan saged pepanggihan."
Sadurunge aweh wangsulan, monitor komputere Daruni kang kanggo messenger-an karo Nanang iku mak pet rikala mati listrik. Senajan kuciwa, nanging Daruni kang suwe ora sesambungan karo wong lanang iku katon bungah atine. Sajroning rasa, dheweke pindha lemah nela ing mangsa ketiga kang bakal siniram grimis kapisan.
Wektu perjanjen patemonane karo Nanang wus tumeka. Ngepasi melem purnama, Daruni ninggalake Ambarawa. Tumuju titik nol, nganggo bus patas jurusan Semarang-Yogya. Rikala ketemu Nanang, jantunge Daruni dheg-dheg plas. Apa meneh rikala Nanang kang wus rampung maca puisi sangareping penonton iku ngajak dheweke mangan gudheg ing lesehan Malioboro.
"Jeng Uni...." Nanang miwiti kandha sawuse ngenteke gudheg suwir sepiring. "Sampun gadhah calon garwa malih?"Â
"Ehm...." Daruni nglirik pasuryane Nanang. " Sampun."
"Sinten, Jeng?" pitakone Nanang sinambi nyimpen rasa kuciwa kang jero. "Tertamtu sanes kula nggih?"
"Leres!"
"Lajeng?" Â Â Â
"Ingkang lenggah wonten  satengen kula."
Tan beda rembulan kang uwal saka regemaning mendhung, pasuryane Nanang sanalika katon padhang jingglang. Lega ing rasa, rikala Daruni duweni rasa tresna marang dheweke. Wong lanang kang lagi butuhake WIL sawuse sawetara wektu ditinggal Ratri makarya ing tlatah Semarang.
Embuh setan ngendi kang jalari Nanang wani ngaras pipine Daruni. Nanging, kabagyan iku sanalika ambyar. Rikala Nanang deleng wong wadon lan wong lanang kang lagi lungguh ing warung gudheg lesehan kang ora adoh saka dheweke lungguhan karo Daruni.
Ora mung Nanang, nanging uga Daruni. Rikala nyawang wong lanang lan wong wadon kang ora liya Tarmuji lan Ratri iku, purnama ing pandelengane Nanang lan Daruni katon sigar mrapat. Remuk-rempu, ajur sumawur dumadi lebu. Warata ing trotoar Malioboro.
-Sri Wintala Achmad-
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H