Mohon tunggu...
Zuly Kristanto
Zuly Kristanto Mohon Tunggu... Buruh - hanya orang biasa dari desa

cuman orang bodoh yang belajar memaafkan

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Benu Males Budi

18 November 2019   10:44 Diperbarui: 18 November 2019   10:45 14
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Sejatine ibune wis bola-bali ngelingake yen Benu iku klebu bangsane kewan wengi. Ora cocog metu ing wayah awan. Nanging Benu tetep wae ngengkel. Mungguhe Beni dolan ing wayah wengi iku babar pisan ora nyenengake.

Saliyane ora akeh kancane kang gelem diajak dolanan. Benu ora bisa nonton endahe kembang kaya kang nate disumurupi kancane. Merga rasa pengine dolan ing wayah awan wis ora bisa diempet maneh. Ing sawijining dina, tanpa disumurupi ibune. Kanthi sesingidan Benu ninggala ke omahe kanggo mbuktekake crita sing nate dirungu saka kancane.

"Dina iki mumpung ibu ora ngerti aku ninggalake omah. Aku kepengin mbuktekake apa bener kembang mawar iku pancen abang rupane," batine Benu sinambi mbukak lawang omahe kanthi alon.

Sasuwene iki Benu pancen wis ngerti kaya ngapa wujude kembang mawar. Nanging merga anggene ngerti mung wayah wengi. Benu babar pisan durung ngerti kaya ngapa rupane. Kanggo apa sing ditindakake

Masiya Benu wis ngerti resiko saka tumindakake kang ora netepi ngendikane iki bakale kaya ngapa. Benu tetep nekad. Benu milih diseneni ibune tinimbang ora bisa nonton kaya ngapa endahe mawar kanthi mripate dhewe.

Ya gara-gara ora gelem lan nerak larangane ibune iki kang ndadekake Benu ngalami kahanan kang sarwa ora kepenak. Nyatane mabur ing wayah awan luwih angel dibandingake mabur ing wayah wengi. Panyawange Benu kang ing wayah wengi tansah awas. Awan kuwi Benu babar pisan ora bisa nyawang apa wae kang ana ing ngarepe.

Akibate lar-lare lan awake Benu akeh kang nandang tatu merga bola-bali nabrak wit-witan kang ana ing ngaree. Gandhenge tatune nemen. Benu nganti kelangan kabisane kanggo mabur. Kalane ngalami nasib kaya ngono Benu mung bisa nggetuni nasibe.

"Saupama aku ora nglanggar aturane ibu. Samesthine aku ora bakal ngalami nasib kaya ngene," ujare Benu lirih sinambi nangis sesenggukan.

Apese anggene Benu nangis iki adoh saka papan dununge kanca-kancane. Saengga babar pisan ora ana siji-sijia kanca-kancane sing keprungu tangise lan sabanjure menehi pitulungan marang Benu. Untunge tangise Benu iki dirungu Pak Harjo, kang lagi nunggu parine kang sedhela maneh panen saka serangane manuk emprit.

Keprungu ana swara tangisan. Pak Harjo banjur nggoleki sumbere swara sing dirungu. Pak Harjo kaget banget bareng ngerti sing nangis iku Benu. Atine Pak Harjo tansaya trenyuh bareng ngerti tatu-tatu ing awake Benu.

Kanthi alon Pak Harjo njupuk Benu lan sabanjure nggawa Benu menyang gubuke. Tekan gubuke sinambi njaga parine kang wis nguning. Pak Harjo banjur ngubati tatu-tatu ing awake Benu. Merga obat sing digunakake kanggo nambani tatune iku rasane perih banget. Bola-bali Benu mbengok kelaran.

"Kowe sing manut ya! Obat iki pancen perih banget. Nanging obat iki mandi banget kanggo nambani tatu kaya ing awakmu iki. Mengko yen wis mari kowe bakal bisa mabur maneh," ujare Pak Harjo sinambi terus nambani tatu ing awake Benu.

Wektu iku Benu mung bisa pasrah. Benu ngerti yen apa sing dialami dina iki kabeh saka pokal gawene dhewe. Benu ora pengin nyalahake sapa-sapa.

Amarga kahanane Benu durung pulih lan Pak Harjo rumangsakake mesakake yen ninggal Benu ing gubuk sawahe. Sore iku Benu digawa mulih menyang omahe. Tekan ngomah Benu dilebokake menyang jero kurungan manuk duweke Pak Harjo.

"Hoalah, Pak..Pak. Sampeyan iku kok aeng-aeng wae," ujare Bu Harjo.

"Aeng-aeng piye ta, Bu?' Pak Harjo ganti takon.

"Yen sampeyan kuwi pengin ngingu manuk. Hla mbok ya ngingu manuk kutut sing swarane kepenak dirungokake. Aja malah ngingu manuk dares sing swarane gawe mrindinge githok."

"Aku ora niyat ngingu manuk kok Bu."

"Hla, iku buktine. Ngono kok arep ngeles."

"Oalah iki ta? Ngertiya, Bu. Manuk iki mau daktemu ing sawah kanthi kahanan kebak tatu kaya ngene. Weruh kahanane aku kok mesakake. Banjur tak tambani lan tak gawa mulih. Liya dina yen tatune wis pulih manuk iki bakal dakuculake maneh."

Keprungu obrolane Pak Harjo lan sisihane iki atine Benu ngrasa ayem. Amarga dheweke isih ana kalodhangan nyuwun ngapura lan kumpul bareng ibune maneh.

"Mengko bengi yen panyawangku wis bali awas. Aku pengin weruh pawongan sing wis nulungi aku kuwi wajahe kaya ngapa," batine Benu.

Wektu sing dienteni Benu wekasane teka. Wengi iku Benu bisa nyawang wajahe Pak Harja lan sisihane kanthi cetha.

"Mripate adhem lan nentremake. Pantes yen piyambake seneng tetulung," batine Benu.

Wengi iku Benu rumangsa kaget sabubare keprungu pamite Pak Harjo menyang sisihane. Pak Harjo bali menyang sawah merga kepengin njaga parine saka serangane tikus. Ngerti lakone Pak Harjo sing kaya ngene sanalika tuwuh rasa welase Benu.

"Mesakake temenan ak Harjo kuwi. Awan lan bengi tetep wae njaga parine. Samesthine siji-sijine asil pametune Pak Harja iki ya saka anggene tetanane. Mulane nganti kaya ngono anggene mbelani njaga parine. Mbesuk yen aku wis mari lan diuculake. Aku janji bakal males kabecikane Pak Harjo," ujare Benu lirih.

Dina sing diantu-antu Benu wekasane teka. Amarga tatune wis pulih. Wengi iku Benu diuculake saka kurungane. Mung emane, nalika Benu diuculake ing wengi iku kahanane Pak Harjo lagi kurang sehat. Saengga tugas njaga parine kanggo sawetara ditinggal.

"Sepurane, Bu. Wengi iki aku ora bisa menyang sawah."

"Ora dadi ngapa, Pak. Kesehatane sameyan luwih penting. Awake dhewe ndedonga wae supaya Gusti Allah tansah njaga parine awake dhewe."

Sabubare diuculake Benu langsung mabur tumuju ing sawahe Pak Harjo. Ing kono Benu weruh puluhan tikus kang wis siyaga bakal ngrusak parine Pak Harjo. Sadurunge tikus-tikus iku ngrusak parine pawongan kang wis nulungi dheweke. Benu nyuwara kanthi sora.

Bareng keprungu swarane manuk dares teka. Sanalika tikus-tikus iku bubar. Apa maneh ora watara suwe saka anggone Benu nyawara. Swara manuk dares liyane padha teka. Kahanan kaya ngene iki kang ndadekake tikus-tikus mau padha mlayu.

Pranyata swara mau  swarane ibune Benu. Weruh sing teka ibune. Benu banjur njaluk sepura marang sakehe kaluputane lan janji ora bakal ngambali tumindake maneh. Weruh anake wis sadhar klawan tumindake. Ibune ora duka lan ngajak Benu balik menyang omahe. Ing perjalan mulih Benu rumangsa seneng merga bisa kumpul karo kaluwargane lan wis bisa males budi marang kabecikane Pak Harjo.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun