"Kowe sing manut ya! Obat iki pancen perih banget. Nanging obat iki mandi banget kanggo nambani tatu kaya ing awakmu iki. Mengko yen wis mari kowe bakal bisa mabur maneh," ujare Pak Harjo sinambi terus nambani tatu ing awake Benu.
Wektu iku Benu mung bisa pasrah. Benu ngerti yen apa sing dialami dina iki kabeh saka pokal gawene dhewe. Benu ora pengin nyalahake sapa-sapa.
Amarga kahanane Benu durung pulih lan Pak Harjo rumangsakake mesakake yen ninggal Benu ing gubuk sawahe. Sore iku Benu digawa mulih menyang omahe. Tekan ngomah Benu dilebokake menyang jero kurungan manuk duweke Pak Harjo.
"Hoalah, Pak..Pak. Sampeyan iku kok aeng-aeng wae," ujare Bu Harjo.
"Aeng-aeng piye ta, Bu?' Pak Harjo ganti takon.
"Yen sampeyan kuwi pengin ngingu manuk. Hla mbok ya ngingu manuk kutut sing swarane kepenak dirungokake. Aja malah ngingu manuk dares sing swarane gawe mrindinge githok."
"Aku ora niyat ngingu manuk kok Bu."
"Hla, iku buktine. Ngono kok arep ngeles."
"Oalah iki ta? Ngertiya, Bu. Manuk iki mau daktemu ing sawah kanthi kahanan kebak tatu kaya ngene. Weruh kahanane aku kok mesakake. Banjur tak tambani lan tak gawa mulih. Liya dina yen tatune wis pulih manuk iki bakal dakuculake maneh."
Keprungu obrolane Pak Harjo lan sisihane iki atine Benu ngrasa ayem. Amarga dheweke isih ana kalodhangan nyuwun ngapura lan kumpul bareng ibune maneh.
"Mengko bengi yen panyawangku wis bali awas. Aku pengin weruh pawongan sing wis nulungi aku kuwi wajahe kaya ngapa," batine Benu.