Ibadah Sabda
Waosan I
P Pethikan saking Kitab Kawicaksanan (3, 1-9)
- "Wong-wong iku bakal ditampi dening Gusti, kayadene kurban oban-obong kang sampurna."
- Jiwane wong-wong burus ana ing astaning Pangeran. Lan ora bakal ditibani paukuman pati. Tumrape sing ora mangerti, katone mati, oncate dianggep sirna, anggone ninggal kita dianggep lebur. Mangka sejatine padha nemu katentreman. Lan sanadyan miturut wawasan umum disiksa, nanging kebak pangarep-arep marang kalanggengan. kondhange disiksa sawetara, banjur nampa ganjaran matumpa-tumpa, jer Allah nyoba wong-wong iku lan padha tinemu pantes. Wong-wong iku dicoba kaya dene emas ana ing parapen, lan yen wis tekan titi-mangsane bakal ditampi, kaya dene kurban obong sing sampurna. Wong-wong jujur bakal sumunar, lan kaya geni peplayon ing dami. Bangsa lan umat bakal diadili lan dikuwasani, lan Pangeran bakal ngasta paprentahane ing salawase. Sing sapa pracaya ing Gusti, bakal mangerti marang kasunyatan, bakal manunggal ing Gusti. Jer nugraha lan katentreman sing dadi ganjarane para pepilihan Dalem.
- Makaten sabdaning Kitab Suci.
U Sembah nuwun konjuk ing Gusti
Kidung antara - mrs no.10 utawi no.11 - Mazmur 22
Injil Suci
P Pethikan Injil Suci anggitanipun Santo Lukas (7,11-17)
- "Wong mudha, Aku dhawuh, tangia!"