Mohon tunggu...
WAHYU PURWO SEJATI
WAHYU PURWO SEJATI Mohon Tunggu... Guru - SMKN 2 PURWOREJO

HOBI OLAHRAGA

Selanjutnya

Tutup

Kebijakan

Lapor SPT Tahunan Online

1 Maret 2023   12:54 Diperbarui: 1 Maret 2023   12:58 66
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pelaporan SPT Tahunan kalebu kewajiban e wajib pajak. Wajib pajak yaiku uwong utawa instansi sing wis memenuhi persyaratan wonten ing babagan perpajakan. Wajib pajak mesti duwe kartu ingkang kasebut kartu NPWP. Kartu NPWP ono sg aktif, normal, kalian non efektif utawa non aktif. NPWP bisa dinonaktifke nalika wajib pajak wis ora memenuhi persyaratan, semisal penghasilan e sak ngisor PTKP utawa wis pensiun lan liyan-liyane.

Yen wis dadi wajib pajak, wajib laporan SPT Tahunan. Yen lali utawa pancen sengaja ora laporan, bakal kena denda gedhene 100 ewu per SPT. Ananging nalika NPWP ne nonaktif, ora wajib laporan. Kui kabeh wis diatur wonten Undang-Undang.

Saiki jaman wis canggih, sak kabehane wis online. SPT Tahunan uga bisa dilaporake lewat online. Direktorat Jenderal Pajak uga nyaranke wajib pajak supaya bisa laporan SPT Tahunan mandiri ning ngendi lan kapan wae. Kui kabeh amarga pengalaman masa lalu yaiku saking akehe wong sing arep lapor SPT. Akeh wajib pajak ingkang ora sabar. Amarga iku DJP menehi sosialisasi perpajakan babagan pelaporan SPT Tahunan online.

Nalika arep lapor online, wajib pajak kudu nduwe EFIN. EFIN bisa diaktifke wonten ing kantor pajak. Persyaratan aktivasi EFIN yaiku fotocopy KTP kalian NPWP. Nalika wis duwe EFIN, langsung biso laporan. Ing ngisor iki tata cara pelaporan SPT Tahunan Online kanggo orang pribadi karyawan utawa pegawai.

Kanggo wajib pajak ingkang penghasilan e sak ngisor 60 juta (1770 SS)

  1. Buka Google banjur ketik DJP Online
  2. Mlebu halaman login, lebokke NPWP kalian kata sandi nalika nggawe akun DJP Online. Nalika durung duwe akun, biso nggawe akun ning Daftar disini banjur lebokke NPWP, EFIN, kalian alamat email.
  3. Nalika wis mlebu wonten aplikasi, klik garis 3 biru, pilih lapor
  4. Scroll, banjur pilih E-Filing, ng kono bakalan ono arsip SPT tahun lalu.
  5. Klik garis 3 biru, pilih buat spt
  6. Banjur ono pertanyaan *Apakah anda menjalankan usaha atau pekerjaan bebas? *pilih tidak. *Apakah anda seorang suami atau istri yang menjalankan kewajiban perpajakan terpisah (MT) atau Pisah Harta? * pilih tidak. *Apakah penghasilan bruto yang anda peroleh selama setahun kurang dari 60 juta rupiah? * pilih ya. Banjur ono tulisan *SPT 1770 SS*, banjur di klik.
  7. Lebokke tahun pajak, biasane paling duwur koyo tahun pajak saiki yaiku 2022 status normal kanggo pertama kali laporan, nalika wonten pembetulan status pembetulan. Klik *selanjutnya*
  8. Wonten ing halaman pengisian gaji yaiku peredaran bruto bisa diisi gaji kotor per tahun. Nalika duwe bukti potong pajak, bisa dipadakake. Bukti potong pajak ono 2 yaiku A1 kanggo karyawan swasta lan A2 kanggo PNS. Yen ora duwe bukti potong pajak biso dikiro-kiro penghasilan per tahun e.
  9. Lebokke pengurang kalian PTKP banjur kui bakalan keisi otomatis. Laporan sing wis bener kudu nihil, ingkang kurang bayar utawa lebih bayar bisa dilaporke wonten kantor pajak.
  10. Klik *berikutnya* banjur bisa diisi penghasilan ingkang dikenakan PPh final. Yen ora ono ora perlu diisi langsung klik *berikutnya*
  11. Wonten ing halaman daftar harta dan kewajiban biso dikiro-kiro nominale banjur klik *berikutnya*
  12. Ing bagian pernyataan klik *setuju* banjur *selanjutnya*
  13. *Ambil kode verifikasi disini* kanggo ngirim kode verifikasi, wonten pilihan email kalian nomor telepon banjur *Ok*
  14. Cek email lan lebokke kode verifikasi wonten ing laman mau *kirim spt*
  15. Rampung, penak kan? Makane lapor SPT online mandiri dewe ning omah.

Kanggo wajib pajak ingkang penghasilan e sak nduwur 60 juta (1770 S)

  1. Buka Google banjur ketik DJP Online
  2. Mlebu halaman login, lebokke NPWP kalian kata sandi nalika nggawe akun DJP Online. Nalika durung duwe akun, biso nggawe akun ning Daftar disini banjur lebokke NPWP, EFIN, kalian alamat email.
  3. Nalika wis mlebu wonten aplikasi, klik garis 3 biru, pilih lapor
  4. Scroll, banjur pilih E-Filing, ng kono bakalan ono arsip SPT tahun lalu.
  5. Klik garis 3 biru, pilih buat spt
  6. Banjur ono pertanyaan *Apakah anda menjalankan usaha atau pekerjaan bebas? * pilih tidak. *Apakah anda seorang suami atau istri yang menjalankan kewajiban perpajakan terpisah (MT) atau Pisah Harta? * pilih tidak. *Apakah penghasilan bruto yang anda peroleh selama setahun kurang dari 60 juta rupiah? * pilih tidak. *Anda dapat menggunakan formulir 1770 S, pilihlah form yang akan digunakan* pilih *Dengan bentuk formulir*. Banjur ono tulisan *SPT 1770 S dengan formulir*, banjur di klik.
  7. Lebokke tahun pajak, biasane paling duwur koyo tahun pajak saiki yaiku 2022, normal kanggo pertama laporan, nalika ono perubahan status e pembetulan. Klik *selanjutnya*
  8. Lebokke penghasilan yang dikenakan PPh final, kanggo NPWP suami ingkang digabung kalih istri, lebokke penghasilan istri wonten ing PPh final *lanjut ke daftar harta*.
  9. Klik *harta pada spt tahun lalu*, nalika ono perubahan bisa diubah, lan nalika ana penambahan bisa klik *tambah*, podo wae karo daftar utang kalian tanggungan, klik *selanjutnya*

Mohon tunggu...

Lihat Konten Kebijakan Selengkapnya
Lihat Kebijakan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun