Nang sawah nggolek markisa
Ana Nyambik ndang digusah
Sekolah tahunan gak krasa
Ujug-ujug lulus oleh ijasah
Bulus anyaran kakehan polah
Adol omong nang Gedhangan
Bar lulus seneng wis gak sekolah
Tapi predikat anyare pengangguran
Warunge wis arep tutup
Sing tuku wis padha buyar
Dina-dina nonton youtube
Lali nek kudu ngawali babak anyar
Tukang anyaran mikuli uyah
Karunge kabeh kena rawe
Banda cupet gawe kuliahÂ
Tibane malah kudu nyambut gawe
Pisahan rasane ora lila
Nyimpen foto ben ora lali rupa
Lulusan senenge mung sadela
Sesuk e wis mikir mengko arep ngapa
Awan-awan lagek menyang sawah
Numpak dokar ditarik jaran
Yen ngene pengen mbalik maneh sekolah
Mung mikir nggarap PR lan njajan
Gresik, 13 Juni 2023
00.47
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI