Mak Yati nggoreng sukun
Kari limo diwadahi karung
Urip tetanggan kudu sing rukun
Sopo ngerti bakale tinulung
Nambal bantal nganggo randu
Cepet-cepet selak tamune teko
Karo tangga ojo seneng padu
Nggarai panas ngalahi neroko
Blonjo sayur nang Krian
Nggowo kresek isine topi
Urip karo tonggo ojok irenan
Melu resek polahe tonggo tuku tipi
Sayur asem dicemplungi mlinjo
Diwenehi uyah malah kasinan
Nang tukang sayur iku blonjo
Ojok mbukak arisan rasan-rasan
Nang pasar Ndukun tuku kanji
Gak ketinggalan tepung ugo bayem
Rukun iku nomor siji
Jaminan tentrem uripe ayem
Pak RT jogo gerdu
Dikancani karo calon besan
Apik karo tonggo teparo iku kudu
Ben iso dadi krasan
Gresik, 3 Juni 2023
00.18
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI