Mohon tunggu...
Unus Subiyantoro
Unus Subiyantoro Mohon Tunggu... Guru - Guru SMP 3 MAGETAN

saya seorang guru Bahasa Indonesia yang suka berliterasi apa saja

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Bunek

2 Mei 2024   00:13 Diperbarui: 2 Mei 2024   00:16 117
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Suwe aku ora nulis, tahunan malah puluhan tahun. Opo maneh nulis gawe boso Jowo. Hadeeeeh..! susah, tapi yo tak cobone. Mbok menowo isek iso. Karo tak srupute kopiku, seng isek tak wenehne mejo cerak leh aku nulis. Mejo sak ukurane mejo makan seng bahane soko galik kayu nongki, umure wae karo umurku sek tuwo mejone. 

Mejo tinggalane suwargi simbah buyutku. Jare si mbokku, mejo kuwi olehe soko telatah Demak Bintoro Jawa Tengah kono, tahun piro yoo si mbokku asale mejo mau. Opo pas jaman perang Diponegoro jare si mbokku karo ngremeng. Jaman semono, ora ono kendaraan koyo jaman saiki saiki. Enek oo yo cikar. Hanek saiki bis wira wiri, sliwar sliwer, teko lungo menyang ndalan-ndalan kan terminal seng jurusane eneng ngendio enek. Sak jam-jame yo wes cemepak, karek numpak weeee..!! teko tujuan seng dikarepke. 

"Hanek gowo mrene piye? " takonki karo heran. Si mbokku meneng wae, saja ora gatekne. Tangane sek umek ngulek smanel, jaaaaan prigeel. Tangane ngusap mripate seng mbrebes, amaergo kenek sawane brambang kan lombok beliau. "Piye awakmu mau takon opo? " sauri si mbooku. Lhaaaah piye iki..? ditakoni malah takon. "Nek.. Gowo mejo iki soko ngendi mauuuuu.., ngemplak eehhh! Demak. Ngono iku piye?? " baleni pitakonku seng disek. "Oooo.. kuwi! Hayo dipikul noooo.. " leh nyauiri enteng wae mbokku, tangane seng kiwo jupuk uyah sitik, ditaburne menyang sambele seng iseh diulek mau. Leh nyauiri pitakonku mau. Enteng men? batinku yo rodo gondok neng ati. "Di pukul piye toooo..?? Mosok soko Demak sampek kene.? Pirang dino sampek wetan gunung..?! ' takonku karo rodo bingung, semu heran. " Sak klebatan wes teko. " wangsulane si mbok karo guyu. Untune simbok iseh pepak lan rijik ketok. Aku tambah bingung, sak klebatan? Soko telatah brang kulon neng telatah brang wetan sak klebatan. Mosok tooo..? lokal. 

Koyo ceritane dadine Candi Jonggrang wae, seng ono telatah tanah Jowo suseh tengah kono.  Rikolo ing jaman biyen ono kraton gedhe seng neng tanah Prambanan. Rakyat telatah Prambanan iku biyen ayem kan tentrem seng dipimpin karo Prabu Boko jenenge. Nanging keraton Prambanan diserang karo keraton Pengging. 

Prabu Boko lan pasukan kalah, mati amargo keno karo senjatane Bandung Bondowoso. Raja soko keraton Pengging lan pasukane seneng amargo iso ngalahake keraton Prambanan. Wektu Bandung Bondowoso neng keraton Prambanan seng iso dikalahne, ceweke delok lan merugikan ono putri seng ayune uleng-ulengan. Putri iku jenenge Roro Jonggrang. 

Langsung Bandung Bondowoso kesengsem, gumun lan pengen sak naliko nglamar Roro Jonggrang supoyo gelem dadi sisihane. "Bocah ayu Roro Jonggrang, opo sliramu gelem dadi garwone kakang? " takon Bandung Bondowoso. Roro Jonggrang seng Jane iseh mangkel, serik lan benci karo Bandung Bondowoso seng uwes merjoyo romone Prabu Boko, lan ugo wes ngalahne negorone. "Bandung aku gelem dadi bojomu. Tapi ono syarate" wangsul Roro Jonggrang, mripate abang mandeng Bandung karo setengah nangis. Amargo karo ngempet roso sesek ono eng jero dodo. Ati ne iseh kroso perih. 

"Opo iku syarate Jonggrang?" takon Bandung Bondowoso pengen ngerti. "Syarate.., aku gawekno Candi. Tapi cacahe sewu, waktune tak wenehi seweng. " jare Jonggrang mantep. Bandung kroso kaget banget, weroh persyaratan seng diajokne lan weroh penjaloke si Jonggrang. 

Gek yo opo iso, wektu sewengi gawe Candi cacahe sewu. Bandung meneng sedelo, atine koyo-koyo o abang nesu ditantang karo Jonggrang. "Yoooh.. Jonggrang nek kuwi sanyemboro lan syarat seng mbok karepke. Tak turuti, tapi awakmu ojo selak nek wes kelakon dadi candine. " sanggupi Bandung. Sakbare ngomong ngono neng ngarepe Jonggrang, Bandung lungo nyiapke penjaloke Jonggrang. 

Eng wengi. Bandung Bondowoso  ngumpulne anak buahnya kabeh poro bolo Jin begasakan lan anak buahnya menungso rakyat Pengging. Sak uwese podo kumpul kabeh, Bandung menerima perintahperintah. Sawise ngrukne perintah mau, poro bolo Jin lan rakyat Pengging gotong royong langsung garap Candi seng sewu cacahe. 

Opo seng dijalok karo Roro Jonggrang. Roro Jonggrangvseng ndelengi kerjaane anak buahnya Bandung dadi wedhi dewe. Karepe syarat kon gawe Candi cacah sewu kanti wektu sewengi bakal ora biso kelaksanan. Nek ora kelakon, Roro Jonggrang ora sido dadi bojone Bandung Bondowoso. Tapi nyatane Bandung duwe ilmu seng ngedaop ngedapi. Iso nyelok lan ngumpulne bongso Jin, demit lan sak panunggalane kongkon bangun Candi cacahe sewu seng mong diwenehi wektu sewengi. Amargo soko wedhine, Roro Jonggrang nyelok lan ngumpulne dayang-dayange. Jonggrang mau ngongkon Abdi daleme Mba Karina damen, ngunekno lesung lan naburne kemana seng wangi. Poro Jin, demit langsung lelembut mau wedhi, disangkakne wes arep esuk. Kabeh poro Jin lan  bolone kabeh mlayu, balek kabe menyang panggonan asline. 

Candi sengcseng digawe sak janjane jumlah sewu, seng dadi lagi ono santang agus santang puluh Songo kurang sini. Bandung Bondowoso seng ngertiv kejulikkane Jonggrang dadi nesu gede lan mirko, amargo dibujiki lan video soko sumpahe. Bandung Bondowoso lamgsunh nyabdo Roro Jonggrang dadi patung. Gawe genepi Candi seng kurang mau dadi sewu. 

"Iseh ora percoyo kowe Leee..?? " suito si mbokku bledos ono kupingku. Koyo nglilir soko turu. Ak kaget, krungu mbokku takon. Amargo aku isek kamitenggengen mikir cerito Roro Jonggrang, tak gandengke karo cerito mbokku nelbah buyutku gowo mejo soko Demak no telatah wetan mong sak klebatan. "Malah koyo begok waee. " grutu si mbokku. "Sek to mbok  koyo ceritane Bandung Bondowoso wae. Mosok sak klebatan mejo iso telan kene.? " takonku kesel. Rak percoyo. Mbokku seng umure wes okeh malah guyu ngece. "Jaman semono ora enek pit motor koyo saiki. Disek onone mong mlaku nek arep kelingan. Nek wong seng sugeh mbegedu yo numpak cikar opo jaran." cirito si mbok. "Haneek ngono opo ditumpakne cikar yo mbok karo mbah buyut? " takonku penasaran. "Mbah buyutmu kuwi mlarat, ora duwe jaran. Sak deso kene disek swng duwe Jaran mong mbah lurah Isdini. " wangsul mbokku. "Seng duwe yo poro doro-doro. " Mbok ngomong maneh. "Ndoro Dongker..! " satu sak kenek ee. Mangkel jee. Si mbokku mengo, ndelok aku. "Sopo kuwi..?? " takone, kulit bathuke mengkerut. "Bakul kopi no Ngargoyoso. " saurku karo ngempet guyu. Wayahe mbokku seh bingung. Ora tahan aku guyu kemekel. "Caaah edaaaaaan..!!! " wangsulan mbokku karo besengut. Guyuku tambah banter, wetengku sampek kaku. 

Mbokku seng mrengute, ngerti nek tak godo. Tapi hambok mrengut ngono sembokku tetep ayu, mesti yuswone wes tuwo. Kadang aku yo sok gagapi si mbokku, nek enom-enomane mesti ayu, yo opo koyo Jonggrang ayune? Neng iseh percoyo ayu si mbokku. Lawong aku dewe aku hurung weroh wayahe Roro Jonggrang hahahaha. Soale Nate mbokku cerito, disek jaman mudane oke poro enom-enoman lanang seng nyenengin. Yo jelalah jodone bapakku seng wes almarhum, seng iso ngululuhne lan nyinggek atine mbokku. Hambok mong tentara pangkat kopral rikolo semono jare si mbokku, nek bapakku gawe seragam loreng ngono. Raden Arjuno seng onontokoh pewayangan, Panengah Pandowo seng ganteng uleng-ulengan lan duwe kasekten ora enek seng nandingi. Ora enek Opo-opo ne karo ganteng lan gagahe bapakku. Mong aku yo bingung, mosok si mbokku Nate weruh Raden Arjuno yooo Raden Jangko, venek seng nyebut Raden Permadi, Margana, Dananjaya, Palguna, Jombang Ali-Ali, Jamprong. Aku yo mong manthuk-manthuk wae ngrongkne cerito si mbokku, enek sak kebingunganku. Soale nek cerito suwargi bapakku mesti karo wajahnya seng berseri-seri. Aku ditinggal bapakku sek umur setahun jarene. Dadi aku dewe ora iso ngeleng-ngelengvwajahe bapakku yo angel, soale umur setahun guring ngerti kahanan. Mong sak wesehe rodo gede, aku iso ngerti tenan wajahe bapakku soko foto diweruhi si mbokku. Gawe seragam loreng tentara gowo bedhel. Wah gagah. "Bapakmu meninggal neng Timor Timur Lee.. " jare si mbokku alon, moto kerawang adoh, sayu. Aku mong meneng karo rodo ngantuk, sirahku tak wenehne pangkuane. Karo rambutku dielus-elus. Nyaman banget pokoke. "Lhaa ngopo koq mati mbok? " takonku polos. Jenenge sek bocah. Karo ditarik ambekkane. Si mbokku cerito, neknpas tanggal 7 Desember 1975 Tentara Nasional Indonesia (TNI) tapi nek jaman semono jenenge iseh Angkatan Bersenjata Republik Indonesia (ABRI) ngenekne  operasi Seroja  gawe ngrebut Kuto Dili seng ono Timor Timur seng dikusasi Portugal. Bapakku jare yo melu kerang kuwi, gawe harumne Negoro ngusir penjajah Portugal. Seng tentara didikkane jenenge Tropaz, tentara asli penduduk Timor Timur seng ngelawan tentara soko Indonesia. Bapakku tugas ono Batalion 501 Madiun. Karo pimpinan ABRI kon numpak motor mabur soko Lanud Iswahyudi Magetan. Bapakku kon terjun gawe numpas pemberontak no Timor Timur, pas iseh neng dhuwur nglayang-nglayang no parasut. Bapakku ditembaki somo isor karo Tropaz. "Bapakku kenek bedel. Bapakmu gugur Lee.. " si mbokku unuk-ujuk nangis lirih. Sek tak eleng weluhe netes, kenek palingan sirahku. Aku meneng, ak weroh Dhodhoku  kok yo melu sesek. Ora let suwe, suasana tintrim. 

Mbokku iseh meneng. Mboh opo seng dipikirne, aku etok-etok merem. Tak eleng-eleng wektu cerito wes rodo wengi. Mung enek wong loro. Kabeh tonggo wes podho turu. Hening sirep pet. Koyok kenek sawan amargo kerungu ceritane si mbokku. "Neng bapakmu pahlawan negoro Lee. " ujuk-ujuk mbokku ngomong karo bangga. Aku seng rep-rep ngantuk, dadi kaget. "Opo mbok pahlawan? " takokki bingung. " Iyoo Le.., bapakmu gugur beli negoro. Iku seng disebut pahlawan. " mbokku nyobo nerangke artine pahlawan. Aku mung mathuk-manthuk. "Bapakmu jenenge Sentot. Koyo enek pahlawan nasional jenenge podo karo bapakmu. Sentot Prawirodirjo. " suoro si mbooku kroso duwur. Opo si mbokku nglindur yoo? pikirkubpas kuwi. Pas diceritonibsi mbokku aku iseh kelas telu SD PSM Kauman. Sak ngertiku, aku ngerti jenenge Sentot kuwi, siji.. Sentot jenenge Bapakku, loro.. Sentot jenenge bakul pentol seng gawene lewat ngarep omahku. "Sentot bakul pentol ye mbok? " takokku rodo serak suaraku. "Aduuuh..!! " bengokku. Kupingku seng tengen dijewer si mbokku. Panas..!! "Husss..! ngawur awakmu. " kandane mbokku mrengut. Aku meneng, sek ngrasakne panas enengnkupingku. Mripatku dadi rodo melek. Ora let suwe rambutku seng disek lurus seng cukurane koyo Adi Bing Slamet penyanyi cilik seng terkenal pas jamane. Lamat-lamat takn rungokne sembokku sek cerito, nek enek pahlawan gede neh tanah Jowo. Arane Sentot Prawirodirjo, jenenge lengkap Sentot Alibasah Abdulmustopo Prawirodirjo nom-noman umur pitulas tahun seng dadi Panglima perang Pangeran Diponegoro dek jamna perang Diponegoro ono tahun 1825 - 1830. Bocah enom seng ngedap-ngedapi, mungsuh seng abot Nate diadepi Kompeni. Sentot Alibasah iku putra soko Raden Ronggo Prawirodirjo lll, Bupati Wedono Montjonegoro Wetan. Aku yo rodo gumun karo mbokku, kok pintermen babakan sejarah. 

"Sek to mbok... Balek neng mejo iki mau, piye si mbah buyut leh gowo. " takokku maneh. Mbokku meneng, trus ngingeti aku. Megelake. "Mbahmu buyut wong ora duwe. Hangeng mbahmu buyut kuwi seregep topo prehaten. " gunemme. Aku sek meneng. "Ora usah takon opo topo prahaten kuwi. " selo mbokku. "Mbahmu buyut kuwi duwe ilmu seng aran aji saipi angin. " Aku rodo kaget, tidak mbahmu buyut dudu wong sembarangan. Waah sakti nooo..!! Jare wong-wong seng isek percoyo karo hal-hal ngono kuwi, aji kaya kawinayan. Aku dadi eleng karo koncokku kenthel disek. Jaman iseh kuliah jenenge Bambang Anggoro jelukane Pedro. Senengane yo ilmu-ilmu ngono kuwi. Senengane lelaku, Poso mutih, ngrowot, lelaku prehaten, kungkum no banyu tempuran tengah wengi, lan sak panunggalane. Sampek aku bingung dewe nek Pedro pas cerito babakan ilmu nkasekten ngono iku. Jare Pedro, ceweke  duwe ilmunya Raden Kian Santang utuwo Raden Sangara Putra soko Prabu Siliwangi. Raden Kian Santang mehnpodo karo Sentot Alibasah, nom-noman seng duwe gegayuhan duwur. Nah...! jare koncoku Pedro, ceweke Iyo duwe ilmu Saipi Angin koyo Raden Kian Santang, waah..! laknpodo karo ilmunya mbah buyutku. Tapi sak ngertiku, si Pedro nek. pas muleh soko Malang neng kampung Trenggalek Iyo numpak bis. Lha ngopo kok ora ngecakne Ajine Saioi Angin, kan iso sat set sat set teko ngomah balik maneh hahahaha. 

Timbang mengko saling surup karo si mbokku, hanung perkoro mejo lan ilmu Saipi Angin. Sido ora madang tenan. Mergo sambel wes cemepak, nasi anget, lan krupuk Bandung yo wes eneng. Eman-eman nek ora ndnag ditandnagi, vweteng wes kluruk pisan iki. Seng leh arep nulis cerito dadi biyar kaneh. Karepe yo men terkenal koyo mbak Okky Mandasari penulis Novel hebat soko tlatah Desi Sukomoro wewenglon Kuto Magetan, seng saiki lenggahe ono negoro Singapura. Lan ito anjuranipun nopo Bupati Magetan Dr. Drs. H. Suprawoti, SH., M. Si. Bupati Magetan engkang kaleng tolong puluh siji, seng sini-sijine Bupati engkangbpurun nulis wonten koran, majalah, damel buku, lan liya-liyanipun. Engkang paling bombongaken penggalian, nopo H. Suprawoto angsal penghargaan saking MURl. Ugo seng madegani lan galakne Literasi menyang Kuto Magetan supoyo maju. Aku dewe rodo isin kaleh bopo Suprawoto. Lawong Nate wejang  lan diwenehi buku. Mosok iyoo ora gelem gawe oret-oretan wae mandek gak sido. Bunek mergo perkoro mejo. 

Tengah wengi rabu pahing, 

11 Januari 2023

Adipati

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun