Nah, siswa ingkang sae inggih menika siswa ingkang nggadhahi kesadharan dumateng wigatosipun ngelmu, ingkang nggadhahi karep sinau, lan migunakaken ngelmu wonten margi kasaean. Margi ingkang sae menika utaminipun ingkang dipunridhoi dening Allah SWT.
Wonten setunggal hadis ingkang lafalipun:
Sabdanipun Nabi SAW, sinten kemawon tiyang kersa ngamalaken ngelmu ingkang dipunmangertos, mangka tiyang menika samangkih pinaringan anugerah dening Gusti Allah ngelmu-ngelmu ingkang dereng dipungadhahi.
Sumangga kita prenahi niat kula panjenengan sami, midhangetaken guru hanyinau agama lan ugemi, dados tiyang kanthi wonten donya dumuginipun akhirat pinaringan barakah-berkah, kanthi migunani.
Bapak Camat tindak Sala,
Tindak Sala piyambakan.
Menika cekap atur kula,
Mugiya dados seserepan.
Cekap semanten ingkang saget kawula aturaken, menawi wonten cicir cewet kuciwanipun anggen kula sesorah utawi tindak lan tanduk ingkang boten mrenani dumateng penggalih, kula nyuwun pangapunten.
Wa billahi taufik wal hidayah, wa ridlo wal inayah,
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H