Mohon tunggu...
Tivana Fachrian
Tivana Fachrian Mohon Tunggu... Seniman - Coupleblogger

We wilt have poetry in our life. And adventure. And love. Love above all!

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Contoh Naskah Lomba Sesorah (Pidato) Basa Jawa

7 Agustus 2022   21:18 Diperbarui: 7 Agustus 2022   21:24 9716
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber: RhinoExplore

Sesorah Babagan Wigatine Ngeluru Ngelmu

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Alhamdulillahi rabbil 'alamin, wa bihi nasta'inu 'alaa ummu riddun ya waddin, wa 'alaa alihi wa shahbihi ajma'in. Amma ba'du.

Bapak Ibu dewan juri ingkang kawula hormati, Bapak Ibu guru pendamping ingkang satuhu kinabekten, ugi para kadang kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepindhah, sumangga kita sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah ta'ala ingkang paring rahmat, hidayah, saha inayahipun sahingga kita saget makempal wonten adhicara lomba sesorah siyang menika kanthi sehat wal afiat tanpa alangan satunggal menapa. Shalawat tuwin salam, konjuk kita aturaken dumateng Nabi Ageng Muhammad SAW ingkang kula-panjenengan sami tengga syafa'atipun ngantos dumugi yaumul qiyamah samangkih.

Salajengipun, kula minangka sesulih saking (nama sekolah) ngaturaken agunging panuwun, amargi wonten kalodhangan menika kula dipunparingi wekdal, sahingga kula saget ngaturaken sesorah kanthi babagan wigatosipun ngeluru ngelmu tumrapipun pagesangan.

Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas;
Tegese kas nyantosani.
Setya budya pangekese dur angkara.

(ditembangake kanthi paugeran Pucung)

Bapak Ibu saha para kadang kanca, tugasipun siswa ingkang utami inggih menika sinau. Enggih napa enggih? Lajeng, napa sampun cekap dumugi sinau serasan? Menawi sampun kathah anggenipun ngeluru ngelmu, napa sampun gugur anggenipun kita hanetepi kewajiban? Mboten.

Kados ingkang kula sebat kala wau, ngelmu menika kalakonipiun kanthi laku. Maknanipun menawi kula panjenengan sami sampun sinau, ampun ngantos ngelmu boten dipuntrepaken wonten pagesangan. Ngelmu ingkang boten dipuntrepaken menika ibarat lading ingkang boten empan; boten saget migunani tumrapipun pribadhi napa melih liyan.

Tuladhanipun, wonten setunggaling siswa ingkang wonten sekolahan sampun dipunwucal kaliyan Bapak lan Ibu guru menawi mbuwang sampah, kedah wonten papan panggenan ingkang leres inggih menika tempat sampah. Ananging, siswa menika wonten pagesangan boten ngamalaken ngelmu ingkang dipungadhah lan tasih mbuwang sampah wonten kalenan. Menika naminipun ngelmu ingkang boten manpangat. Sakjane ngerti, tapi ora pedhuli. Lali, apa pancen lali? Mliginipun, ingkang kados menika, ampun dipuntuladha nggih?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun