Dening: Sihnala Tancinandra (Tiv Firsta)
Esuk-esuk udhakara jam sepuluh, Yu Pi'ah katon lagi bukak warunge. Diewangi nata barang dagangan dening anak wadone kang wis prawan, kang ayune moblong-moblong, kembang desane Sumberiluh, si Gendhis.
Nelangsa rasa-rasane, nangis jroning atiku yen kelingan esem gemuyumu. Laras swara gendhing tresna gawe kangening atiku, tansah eling aku ro sliramu.~
Gendhis nembang, swarane kang alus kepungkas.
"Yuuu," Parijan celuk-celuk.
"His! Rasah seru-seru. Aku nang ngisormu!" Yu Pi'ah njedhul saka mburi etalase.
"Walah Gusti, ndhodhok nang kono, ta, kuwi mau." Parijan jenggirat.
"Arep golek apa?" Yu Pi'ah leren anggone nata sabun.
"Tumbas gendhis, Yu."Â (gendhis: basa kramane gula)Â anake Yu Pi'ah kang lagi nyapu mlirik kanthi ulat anyel.
"Hehe, ora-ora, Ndhis. Aku tumbas gendhis tenanan iki. Ora arep numbas kowe." Parijan cengingisan.
Sak wise oleh gula limang kilo, Parijan langsung pamit.
"Heh, jujule! Emoh apa piye?" Yu Pi'ah ngawe-awe.
"Loh, nganggo jujul barang, ta? Ngapunten, Yu. Kula radi kesesa. Gendhise selak kangge." saure Parijan sinambi nampani dhuwit.
"Arep dinggo apa, ta? Kok tuku gula akeh-akeh?" Yu Pi'ah takon.
"Kangge nyumbang, Yu." wangsule.
"Sapa sing mantu, Jan?" Yu Pi'ah rumangsa ora oleh uleman.
"Nika, si Kasman ragile Lik Kasmidi caket kali, tangga desa. Lha napa jenengan boten diulemi, ta?"
Sapu ing tangane Gendhis tiba, krungu jeneng kang sinebut dening Parijan. Gendhis mlayu mlebu ngomah karo dleweran, disusul si Mak e. Parijan plonga-plongo, ora ngerti apa kang gawe Gendhis nangis. Amarga bingung ditinggal dhewekan ngadek ana pinggir tetehan, tiwas cokoti lemut, Parijan banjur mulih.
Satekane ngomah, ana Yu Anik, tangga sandhinge Parijan pener kang lagi pupuran ing kursi ngarep, karo ngenteni Mak e Parijan.
"Suwe men, ta, Le? Gur kon tuku gula. Mesthi nggodhani anake Pi'ah dhisik." Yu Anik ngece.
"He, Yu. Reti apa ra? Aku mau crita karo Yu Pi'ah menawa si Kasman rabi, lha kok malah Gendhis nangis mingsek-mingsek mlebu ngomah. Jan-jane ki ana apa ta, Yu?"
"Oo lha bocah ora mudheng perkara! Ya genah nangis lha wong sing arep rabi kuwi yange Gendhis! Kok ya ndadak cerita barang ta kowe mau?! Tuku gula mbok ya wis tuku tok wae rasah ndadak guneman barang!" Yu Anik ngeplak sirahe Parijan.
"Heh? Ha'a? Ya Allah Gusti. Aku mau kok ya ndadak ngomong. Lha piye, jenenge aku lagi mulih saka paran, wis pirang-pirang taun ora ngerti kabar e wong desa, angger mulih ora tau srawungan. Ya Allah, gek piye kae mau, muga-muga ora papa!" Parijan rumangsa salah.
Gendhis lungguh ana pinggiran dipan. Iluhe tumetes kaya banyu udan, ora kena dibendung. Limang taun punjul Gendhis ngancani Kasman, saiki kudu nrima menawa priya kang dikangeni saben dina bakal dadi duweke wanita liya. Sing paling gawe atine lara, Gendhis ora diulemi utawa dikabari. Sasuwene pirang-pirang sasi, Gendhis donga marang Gusti, mbok menawa gegadhangane bisa bali. Mbok menawa Kasman mara rene ngabari, dheweke ora sida dijodhokake karo Srinah.
Tangise Gendhis saya ndadi kelingan pamite Kasman ing dina pepisahan.
"Dhik, aku arep crita." Gendhis mesem, nggatekake.
"Kowe ngerti, bapakku mung bakul gedhang?" Kasman meneng, mripate katon mbrambangi.
"Nggih, Kang. Lajeng pripun?" pitakone Gendhis.
"Bapakku ora nduwe apa-apa. Menawa ditawani kebon telu kira-kira gelem apa gemang yen miturut awakmu, Dhik?" Gendhis sansaya bingung. Dheweke manthuk-manthuk, tandhane sarujuk.
"Kuwi. Kuwi masalahe. Tulung rungokna aku. Aku tresna banget menyang awakmu. Wis limang taun awakmu ngancani aku, ora tau maido senajan aku mung wong kere." tangise Kasman pecah.
"Terus hubungane napa kalih kebon niku wau, Kang? Kula boten mudheng jenengan ngendika napa."
Kasman bacutna "Bapakku wingi kepethuk kancane. Kancane sugih mblegedhu, lemahe sepirang-pirang, wedhuse pirang-pirang. Lha, dheweke nduwe anak prawan tuwa jenenge Srinah. Terus... Bapakku ditawani, menawa gelem anake jaka digathukke karo Srinah, Bapak dijanjeni bakal diwehi kebon telu kuwi mau, isih ditambahi dhuwit pira-pira sak njaluke. Awakmu ngerti, ta, anake Bapak sing jaka mung kari aku." Gendhis arep semaput krungu kabar kuwi. Tangane kang kemringet dicekel Kasman.
"Dhik?! Aku kudu piye? Aku ya emoh kelangan awakmu. Apa ayo minggat wae?" Kasman sesenggukan.
"Aja ngejak edan, Kang! Mboten... Mboten... Nek minggat-minggatan kula emoh. Mpun, kula tak ngalah. Kula sing ngalah."
Ora rendheng, nanging hawa dina kuwi krasa adhem anyes nyubles kena balung lan sembungan, ngen-angen kang punthes jalaran kalah bandhan. Jarene, kenangan iku kang dadi siji-sijine tinggalan, kang paling ora gampang ilang. Nanging uga dadi wedhung kang paling manclas menawa ati durung bisa iklas. Yu Pi'ah mlebu kamare Gendhis, ngelus-lus gegere anake sing lagi kelara-lara.
"Mak e, menawi sakniki sumbangan berarti benjang-enjang resepsine. Kula pengin mrika, Mak." sesenggukan.
"Wis, ora usah. Mengko malah dadi gayeng. Aja ngisin-ngisini. Sing iklas, Ndhuk. Kowe kuwi bocah ayu, akeh wong lanang kang gelem dadi bojomu. Ora usah ngoyak layangan pedhot." Yu Pi'ah ngereh-reh.
"Saestu, Mak. Kula boten niat damel Mak e kisinan. Kula boten gadhah niat ala. Namung kula pengin ngertos kados pundi garwanipun Kang Man. Namung niku." panjaluke Gendhis.
"Ya wis, menawa ngono karepmu. Aku ora melu-melu."
Swarane tip kang genjlengan rengeng-rengeng saka kadohan. Gendhis mlaku, kanthi dandanan alus lan jarik paling apik saka lemarine. Parijan kang lagi mulih saka kulak bensin ngerti bocah ayu kuwi mlaku ngulon ora ana batire. Gage-gage diulehna bensine, njur mbaleni Gendhis. Ditutna lakune Gendhis saka kadohan.
Ing papan resepsi, Gendhis lungguh ana kursi tamu, pojok lan mburi. Gendhis krungu rembuge para tamu ibu-ibu kang ngomongna awake lan ngantene.
"Heh, Bu. Mesakke temenan kae anake Pi'ah ya. Bocah ayu rupane, sopan santun, alus, malah ditinggal rabi karo prawan tuwa anake juragan wedhus. Mestine lak ya mung arep ngereti bandhane. Yen ora ya ra mungkin, atase yang-yangan kawit jaman sekolah kok nganti ditinggal."
Atine Gendhis kang wis ditata teteg wiwit saka ngomah gigrig kaya ron garing. Ora, Kang Man ora kaya ngono! Batine. Gendhis nyawang Kasman, Kasman mesem menyang awake, kaya-kaya lagi nguntapke pepisahane, pepisahan kang sanyata-nyatane pisah. Mripate Kasman bisa metani Gendhis ana tengah-tengahe atusan tamu; senadyan wis milih panggonan kang ketutupan. Tanpa bisa nyandhing, mung bisa nyawang. Tanpa bisa dadi sesandhing, mung bisa sawang-sinawang. Pipi kang sekesuk dipupuri teles kebes maneh. Diampet-ampet, supaya ora ana sing weruh.
"Ndhis, iki kacu." ora dinyana saka ngendi tekane, Parijan ngelungna kacu kuning, kanggo ngusap iluhe wong kang dadi sengsemane.
"Menawa kacune kurang amba, isih ana pundhakku."
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H