Dulur Kabeh sing dak tresnani,
Urip ing Donya Iki suwe Mijet wohing Ranti.
Paribasan mung mampir ngombe.Â
Sakeplasan kaya impen sing wis lumayu ngadoh.
Mumbul ing ngawiyat ngideri jagad banjur ilang musna kasapu angin wengi.
Kabeh sing ana Amung semuÂ
Amung bisa gawe seneng sing sedhela.
Umur mung kaya wong sing nandur jagung.
Nanging ombyake jaman Saiki Kabeh sing dinulu mung arupa bandha Donya.
Prasasat ing saindhanging Donya mung mburu pangkatÂ
Nglirwakake sedulure sing kesrakat kaliwat-liwat.
Mangertiya menawa Kabeh mung jejer pacoban.
Dulur Kabeh sing dak tresnani.
Apa Kowe suthik Karo aku?Â
Amarga aku Dudu Sapa-sapa.
Ora duwe apa-apa sing bisa di agulakeÂ
Apamaneh mas picis raja Brana.Â
Nanging aku isih duwe ati sing kuncara pindha damar.Â
Cumlorot cahyane madhangi kalaning pepeteng.
Yaiku paseduluran sing tuwuh saka ati.Â
Sing Wiwit langka ing jaman Saiki.Â
Dulur Kabeh sing dak tresnani,
Aku Dudu Sapa-sapa,
Bisaku mung paring pemutÂ
Bab sejatining Urip.Â
Bab lelakoninb Urip.
Kowe lan aku mung saderma jalma sing tinitah.
Ora duwe dayaÂ
Amung saka welasing Gusti Kang Murbeng Dumadi.Â
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI