Sawijining perkawis ingkang dipun raosaken dening pawiyatan inggih punika kados pundi caranipun ngemonah mutu.
Kathah sanget sumber mutu ing pawiyatan,ing antawisipun: sarana gedhung ingkang sae,dwija - dwija ingkang pinunjul,asil biji siswa ingkang maremaken,panjurung saking tiyang sepuh,aplikasi teknologi ingkang mumpuni,pangarsa ingkang sae,kurikulum ingkang jumbuh kaliyan kabetahanipun siswa lan ugi wonten kawigatosan dhumateng para siswa. Nanging ingkang baken kangge ndandosi mutu pawiyatan  kawiwitan saking greget makarya para dwija. Para dwija anggadhahi jejibahan ngindhakaken kasiling pawiyatan.
Bapa Ibu ingkang minulya
Dados dwija punika satunggaling pakaryan ingkang luhur, nggulawentah para siswa ingkang minangka aseting negari, nyamektakaken generasi-generasi penerus bangsa.
Senadyan tasih wonten para dwija ingkang ngabdi kanthi sarana ingkang sakwontenipun, prekawis kepegawaian, lan honor ingkang dereng nyekapi,nanging sedaya kalawau katindakaken kanthi tulus ikhlasing manah, awit pawiyatan kedah lumampah kanthi sae.
Sumangga para dwija kula lan penjenengan sedaya ngupadi ndadosaken pawiyatan punika pinangka wengkuning watak pinuji utawi asring kasebat zona karakter terpuji.
Lare-lare ngraosaken pawiyatan ingkang ngremenaken, ngraosaken pawiyatan ingkang para dwijanipun pantes tinuladha. Para siswa tansah kemutan dhumateng sedaya dwijanipun ingkang satuhu luhur ing budi.
Ing tembe wingkingipun para siswa nganciking kadewasan lan manjing ajur ajer wontening bebrayan agung,mangkeh saget matur,"Kula sinau jujur, kula sinau mutu lan kula sinau integritas saking guru kula," sinambi nyebat asma penjenengan senadyan penjenengan mboten midhangetaken piyambak aturipun.
Sumangga kula lan penjenengan saget gadhah krenteg nuwuhaken kesedharan kangge ningkataken mutu pawiyatan kanthi cara: