Mohon tunggu...
Suyito Basuki
Suyito Basuki Mohon Tunggu... Editor - Menulis untuk pengembangan diri dan advokasi

Pemulung berita yang suka mendaur ulang sehingga lebih bermakna

Selanjutnya

Tutup

Puisi Pilihan

Macapat Gambuh Tyang Gegriya

8 Januari 2024   10:08 Diperbarui: 9 Januari 2024   05:56 267
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Keluarga seniman "sepuh" yang menginspirasi (Sumber Foto: Dokumen Subroto Sm)

Macapat Gambuh Tyang Gegriya

Dening: Suyito Basuki

 

 1. Tyang gegriya puniku

Kedah asih, setya, tresna tuhu

Kanthi dasar katresnanipun njeng Gusti

Supados lestantunipun

Tan manggalih ingkang awon

2. Amrih samya rahayu

Ing badan lan kasukman puniku

Tansah nembah pasrah myang Gusti Hyang Widi

Gusti kang miji sireku

Tresna-Nya tatag lan tanggon

3. Wiwit sakawit iku

Katitahken Adam Khawa niku

Kapapanken ing taman Firdus kang adi

Katunggilken nikah luhur

Loro dados siji mawon

4. Samya dados suwau

Janma dosa tedhak turunipun

Adam Khawa tan badhah gesang kang suci

Kecalan kamulyan tuhu

Tan cinaket Sang Hyang Manon

5. Criyos saklajengipun

Kulawarga dadya tan maelu

Wedi asih mring Gusti lan myang sesami

Kain niwasken rayi puniku

Dyan Habil kaanggep awon

6. Mrih keslametanipun

Janma kinontrang sajuru-juru

Kathah margi lajeng samya den upadi

Pamrihnya manggih rahayu

Nyingkirken nraka kang awon

7. Sadaya margi niku

Tan karenan tumprap Maha Wiku

Wit kaswargan kang nemtokken 'njeng Gusti

Gusti kang paring rahayu

Lumantar sihipun mawon

8. Criyos bab rawuhipun

Gusti Allah ing jagad puniku

Ngasoraken dadya manungsa sejati

Dayaning Roh Suci puniku

Gusti Yesus lajeng tinon

9. Mring paladosanipun

Gusti dhateng pra umat sadarum

Mbabarken sih rahmat sutresna sejati

Supados manungsa iku

Nembah dhateng Gusti mawon

10. Stunggal ari pinuju

Gusti tedhak dusun Kana niku

Ulem dhateng penganten kalih puniki

Mangka telas angguripun

Bingung ingkang wonten pawon

11. Gusti dinangu ibu

Murih makarya paring biyantu

Awit panganten bakal wirang bilai

Gusti lajeng paring dhawuh

Toya kaisekna genthong

12. Gya dados cingakipun

Pangarsanira pista puniku

Kok aneh men anggur sae ingkang keri

Adat saben ingkang sampun

Ingkang keri ingkang awon

13. Punika tandhanipun

Tresnanipun Gusti Yesus Kristus

Dhateng tiyang lan kluarga kang piniji

Supados raharjanipun

Gusti mbirat bot lan repot

14. Kluarga sukses niku

Kang nggadhahi slamet lan rahayu

Ing kadonyan lan ing swarga ingkang adi

Kedah samya amituhu

Pracaya njeng Gusti mawon

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun