Prasetyaku marang Sliramu
Dening: Suyito Basuki
Prasetyaku marang sliramu dhuh wong ayu
Aku tansah bakal setya ing saben wektu
Muga iku jalarane aku bisa ngrasakake katresnanmu
kaya madu ing satengahing telakku
Muga mangkono uga sliramu
Tansah nandukake katresnanmu
Kanthi lahir lan batinmu
Aja pisan-pisan nalisir lakumu
Yen nganti kadadeyan nglirwakake kang dadi piwelingku
Saiba karanta-ranta lan sedhihing atiku
Urip neng ndonya pancen akeh pacoben tumraping sira lan aku
Kanthi sumendhe mring Gusti lan tansah eling marang prasetyamu lan prasetyaku:
Yen urip bakal tansah bebarengan ing mangsa bungah susah saben wektu
Amung pecating nyawa kang bakal misahake awakku lan sliramu
Muga dadi srana brayat tumata ayem tentrem rinten dalu
Dhuh wong ayu pepujaning atiku
Mara nyedhaka, bakal dak elus pangarasanmu
Dak aras palarapanmu
Dak pandeng netramu
Dak bisiki lumantar lathiku:
Yen aku tansah tresna lan setya ing sadawaning napasku
Uripku mung kanggo sliramu, wong ayu!
Jepara, 26 Juni 2020
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI