Nyerat Renungan Harian Basa Jawi: Strategi, Tujuan Saha Mupangatipun
Dening: Suyito Basuki *)
Renungan punika wonten ingkang maringi pangertosan mawi basa Indonesia: hasil dari merenung. Â Kanthi makaten nyerat renungan punika dipun paringi pangertosan: menuliskan hasil dari apa yang sudah direnungkan ke dalam sebuah tulisan yang jelas dan mudah dimengerti (Tony Tedjo, Menerbitkan Buku Renungan, Bandung, www.agapemedia.blogspot.com 2008:9).Â
Dilah Kasukman pinangka salah satunggaling terbitan renungan harian basa Jawi, nyebat pinangka "Limbangan Kasukman Padintenan Basa Jawi". Â Tembung Limbangan saking tembung lingga "limbang" Krama Ngoko ingkang tegesipun: 1. Ngiling banyu lsp sing mawa campuran murih campurane mau kari utawa pilah; 2. Ngrimbang nganggo banyu supaya resik utawa ilang klilipe (tumrap mripat); 3. Nandhing milih; nenimbang arep nyumurupi ala becike (Bausastra Jawa, Yogyakarta, Kanisius: 2001, 467). Â Saking pangertosan punika saged dipun aturaken bilih renungan utawi limbangan kasukman punika nedahaken tumindak ingkang nenimbang awon saha saenipun ngenani samukawis ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kasukman utawi karohanen. Â Anggenipun nindakaken limbangan punika mawi srana Kitab Suci Perjanjian Lami lan Perjanjian Enggal, saha wosing asil limbangan punika dipun serat wonten ing satunggaling gancaran ingkang gampil dipun mangretosi murih dhatengaken piguna tumrap para pamaos. Â Tembung padintenan nedahaken bilih renungan utawi limbangan punika kaserat utawi kaaturaken ing saben dintenipun lan ngrembag prekawis-prekawis limrah ingkang kalampahan ing saben dinten. Â Basa Jawi nedahaken basa ingkang dipun ginakaken basa Jawi, dadosa punika ngoko utawi krami.
Tujuan lan mupangatipun anggen kita nyerat renungan utawi limbangan punika punapa?  1. Mbabaraken Injil.  Inggih namung pawartos Injil ingkang milujengaken manungsa saking dosa-dosanipun (Lampahan Para Rasul 4:12).  Tiyang pitados nggadhahi tanggel jawab mbabaraken Injil dhateng sok sintena kemawon (Matius 28:19-20; Lampahan Para Rasul 1:8).  Pramila mawi seratan kita punika, mugi kaagema dening Gusti murih pamratobatipun manungsa dosa saha srana pikekah iman tumrap ingkang sampun pitados dhumateng Gusti; 2. Mratelakaken katresnan.  Kita kawajiban tresna-tinresnan (Matius 22:37-40).  Katresnan dhateng Gusti lan sesami perlu dipun pratelakaken.  Seratan kita punika wujud kados pundi lan sepinten agengipun katresnan kita punika; 3. Mbage pengalaman. Saben tiyang punika nggadhahi latar belakang saha pengalaman ingkang benten-benten, langkung-langkung pengalaman iman.  Pramila kanthi mbage pengalaman kita saged kiyat-kiniyataken ing iman kapitadosan satemah kita saged sangkul-sinangkul ngadhepi pacoben ing gesang kita; 4. Mbangun katrampilan. Manungsa punika mesthi nindakaken komunikasi.  Asring ingkang dipun ginakaken komunikasi lisan.  Komunikasi tulis punika ugi perlu dipun tindakaken.  Sinaosa radi awrat, ananging punika kedah dipun gladhi.  Komunikasi tulis nggadhahi mupangat ingkang ngedab-edabi, awit komunikasi tulis punika nggadhahi sipat: awet, saged dipun wongsal-wangsuli anggenipun nyetitekaken, saged kangge dhasar pangandikan, cariyos lss.; 5. Mbungahaken diri pribadi. Wonten ingkang mastani, penulis saksampunipun ngrampungaken tulisanipun, kapindhakna kados ibu ingkang mentas kemawon nglairaken.  Bingahipun mboten kantenan.  Saksampunipun kita ngrampungaken seratan kita ingkang wujud renungan utawi limbangan punika contonipun, kita ngraosaken bingah.  Punapa malih seratan punika ndayani tiyang pitados dhumateng Gusti lan imanipun tiyang ingkang sampun pitados dipun kekahaken dening Gusti (Lukas 15:10); 6. Mulyakaken Gusti. Saksampunipun kita katebus saking dosa kita, kita punika ing antawisipun abdi, utawi budhakipun Gusti.  Gusti pinangka bendara kita.  Pramila gesang kita punika kedahipun namung kagema kaluhuranipun Gusti Yesus pinangka bendara kita.  Punapa-punapa ingkang saged kita tindakaken saksaged-sagedipun kagem kamulyan saha kaluhuran asmanipun Gusti, kalebet kasagedan anggen kita nyerat renungan utawi limbangan punika (Yabur 150:6).
Syarat punapa ingkang kedah dipun gadhahi supados saged nyerat renungan utawi limbangan? 1. Pitados dhumateng Gusti.  Pitados ing mriki inggih lumantar tutuk lan batos kita ingkang lajeng manggihaken kawilujengan (Rum 10:9, 10). Tamtunipun kapitadosan punika lajeng  dipun pratelakaken kathi pratandha baptis (Rum 6:4); 2. Pasekuton klayan Gusti. Punika nedahaken gesang ingkang tansah dipun ereh saha dipun tuntun dening Gusti lumantar sabdanipun.  Saben dinten tansah srawung kaliyan Gusti kanthi nggegilut sabdanipun.  Menawi saged kadosa Henokh anggenipun srawung kaliyan Gusti (Purwaning Dumadi 5:22).  Kanthi makaten, kawicaksananipun Gusti ingkang badhe kalairaken lumantar gesang ing saben dintenipun; 3. Patrap Tresna.  Patrap tresna dhateng sesami, punika kedah dipun tindakaken.  Samukawis ingkang dipun ayahi kinanthenana katresnan, sampun ngantos wonten pepenginan nggunggung dhiri lan sanesipun.  Nyonto Sang Kristus, gesang kanthi tansah ngutamekaken dhateng tiyang sanes (Filipi 2:3-5); 4. Paladosan dhateng Gusti. Gesang saksampunipun dipun mardikaken dening Gusti punika gesang ingkang namung leladi.  Saben tiyang pitados tamtu nggadhahi talenta ingkang saged dipun ginakaken leladi wonten ing ngarsanipun Gusti (Matius 25:14-18); 5. Pangibadah dhateng Gusti. Sampun ngantos tiyang pitados nilaraken pangibadah (Ibrani 10:25).  Pangibadah punika migunani sanget tumrap iman saha karohanen kita (1 Timotius 4:8).  6. Paseksi pakaryanipun Gusti.  Kaslametan ingkang saking Gusti punika ngeram-eramaken.  Sakathahipun dosa kalepatanipunmanungsa, ujer sami nglengganani kanthi ngakeni Gusti Yesus pinangka Juru Wilujengipun, badhe kaapunteni dosa kalepatanipun (Yesaya 1:18).  Kanthi makaten, tiyang pitados sampun limrahipun atur paseksi dhateng sesami lumantar tembung, seratan, saha gesangipun.
Blegering renungan utawi limbangan ingkang badhe kaserat punika kados pundi? Seratan Renungan utawi limbangan kabage dados tigang perangan. Â 1. Perangan pambuka (purwaka basa); 2. Perangan isi (surasa basa); 3. Perangan panutup (wasana basa). Â Dilah Kasukman mbetahaken seratan udakawis 350 words (tembung), udakawis kadadosan saking 3 -- 5 alinea. Â Upami gampilipun dumados saking tigang alinea, pramila kaprenca kados makaten. Â Alinea sepisan punika perangan pambuka, alinea kaping kalih punika perangan isi saha alinea kaping tiga punika perangan panutup. Â Perangan pambuka punika saged dipun serat ilustrasi, pengalaman gesang pribadi, kutipan pangandikanipun tokoh ingkang populer, tembung-tembung mutiara lan sanes-sanesipun. Â Perangan isi punika mratelakaken isinipun nas kitab suci ingkang nembe dipun suraos. Â Perangan panutup punika mujudaken aplikasi utawi penerapan, pangatag supados para pamaos saged nindakaken sabdanipun Gusti ing gesang padintenan.
Caranipun kados pundi saged lancar nyerat mawi basa Jawi?  Dilah Kasukman maringi kelonggaran anggenipun badhe nyerat, mawi basa ngoko inggih monggo, mawi basa krama inggih nyumanggakaken.  Sayektosipun ingkang dipun pikajengaken, menawi sampun mumpuni mawi basa krama langkung prayogi, ananging menawi kuwawinipun mawi basa ngoko inggih mboten punapa.  Awit inggih wonten pamaos ingkang rumaos remen mawi basa ngoko, ngendikanipun langkung gampil dipun tampi.  Panci estu nyerat mawi basa Jawi punika mboten gampil; mbok menawi langkung gampil mawi basa Indonesia.  Ananging bab basa punika sayektosipun bab pakulinan, pramila wonten istilah use or loose.  Use punika tegesipun dipun ginakaken, loose punika ucul utawi ical krana mboten ginakaken.  Pramila menawi panci nggadhahi tekad nyerat mawi basa Jawi inggih kedah dipun kulintenaken saben dinten maos alkitab basa Jawi, majalah basa Jawi, mirengken siaran radio lan televisi basa Jawi, ngibadah milih ingkang ngginakaken basa Jawi lan wonten griya inggih prayogi anggenipun ngendikan kaliyan para lare lan sadherek inggih mawi basa Jawi lan sanes-sanesipun.  Panci mboten gampil, ananging sadaya punika perlu dipun cobi, awit tujuan kita nyerat punika kagem kaluhuran asmanipun Gusti, pramila tamtu badhe dipun paringi pitulungan dening Gusti lumantar kawicaksananipun Sang Roh Suci.
Punapa ingkang kedah dipun edit lan kados pundi caranipun?  Saben seratan ingkang sampun dados perlu dipun tliti lan gatosaken malih.  Mirungganipun ing bab tata tulis utawi ejaan ugi parama sastra ingkang ngrembag titik, koma, aksara murda, seratan tembung saroja lan sanes-sanesipun.  Wonten buku Ejaan yang Disempurnakan ingkang saged dipun dadosaken paugeran.  Lajeng bab diksi utawi pilihan tembung.  Cobi ingkang leres: monggo utawi mangga; saged utawi saget?  Bausastra Jawa utawi Kamus Basa Jawi badhe saged nuntun menggah prekawis punika.  Ugi bab tembung punapa ingkang langkung trep, upami: masak, ngedang, ngliwet utawi nggodhog?  Lajeng bab ukara.  Ukara ingkang sae punika ukara ingkang mboten mbulet.  Prayogi menawi ngginakaken ukara tunggal kemawon ingkang mawi subyek (jejer), predikat (wasesa), obyek (panambang), mawi utawi saged mboten mawi katrangan.  Ukara saroja utawi majemuk ugi sae, ananging sampun ngantos panjang.  Ukara ingkang samadya kemawon.
*) Suyito Basuki, Pemimpin Redaksi & Editor Renungan Harian Basa Jawa Dilah Kasukman terbitan LPIS Sinode GITJ, 2018-sekarang
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H