Mohon tunggu...
Suwaryo Ardjo
Suwaryo Ardjo Mohon Tunggu... Dosen - Pensiunan tenaga pendidik Perguruan Tinggi Negeri.

Hoby seni Karawitan Jawa dan menyukai topik-topik sosial kemasyarakatan.

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Carakan Jawa

8 Juli 2023   22:25 Diperbarui: 8 Juli 2023   22:27 445
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Manut goteking crita sinerat ana watu kang katulis nganggo aksara jawa kuna ing jaman Prabu Brawijaya II (kapindho) kang unine mangkene:
"HINGSUN NITAHAKE CAHYA RASA KARSA"
"DUMADI TITISING SARIRA WADIYA LAKSANA"
" PANTYA DHAWUHING JAGAD YEKTI NYAWIJI"
"MARMANE GANTIYA BINUKA THUKULING NGAKASA"

Bab iki nggambarake kahanan janma sadurunge wujud kang kaya saiki, mungguh katrangane mangkene;
1. HINGSUN, kuwi kacekak HA, tegese ana,  wujud, wiwitan, ya kuwi kang den sebut Hyang Bagas Puruwa, lenggahe ana ing alam Puruwa, ya alam Wasana, kena diarani Sirna nanging Neka, utawa datan kinaya ngapa.
2. NITAHAKE, yen kacekak NA, tegese ndhawuhake, nyabda, nganakake, anjumenengake, mujudake, dadi Hyang Bagas Puruwa wus andhawuhake.
3. CAHYA yen kacekak CA, tegese Sorot, pepadhang, , sunar kang tanpa wewayangan, ya kuwi cahyaning Hyang Bagas Puruwa pribadi.
4. RASA, yen kacekak RA, tegese, ya rasane Hyang Bagas Puruwa pribadi kang wus kadhawuhake utawa katitahake.
5. KARSA, yen kacekak KA, tegese karep, ya karepe (kersane) Hyang Bagas Puruwa pribadi.

Dadi: HA, NA, CA, RA, KA, tegese Hyang Bagas Puruwa wus aparing dhawuh marang cahya, rasa lan karsane pribadi, kang supaya tumitis utawa tumurun, tegese tumurun saka pribadine Hyang Bagas Puruwa dhewe.

6. DUMADI yen kacekak DA, tegese wis dadi, mawujud, gatra wis ana, nanging wujud utawa gatra kang isih samar. Tegese ora bisa dipirsani nganggo pirantining panca driya.
7. TITISING, yen kacekak TA, tetesing sabda, dhawuh, pangandika mau.
8. SARIRA yen kacekak SA, tegese sarining rasa, ya rasane Hyang Bagas Puruwa kasebut.
9. WANDIYA yen kacekak WA, tegese wahana kang winadi, utawa wola-wali, dadi wahana kang winadi kuwi sejatine ya kang diarani ora mung sepisan kuwi.
10. LAKSANA yen kacekak LA, tegese tumindak utawa ditindakake, lumaris, lumaku, makarti. Ya merga pakarti, tumindak lan laku mau, bisa mawujud wela-wela.

Dadi DA, TA, SA, WA, LA tegese ana "tetesing rasa kang wola-wali pakartine", cetha kabeh kuwi ora mung sepisan gawe, kang ateges marambah-rambah nganti kena diarani datan ana pedhote, utawa langgeng, tetep, ajeg, kaya dene gegetering jejantungira.

11. PANTYA yen kacekak PA, tegese papan, wadhah, panggonan, bolongan, guwa, rong utawa sipat.
12. DHAWUHING yen kacekak DHA, tegese prentah, pakone, kongkonane, utusane.
13. JAGAD yen kacekak JA, tegese jagad, bumi, bawana, kalaswara, tiyambita, wewengkon ringkese diarani panguwasa.
14. YEKTI yen kacekak YA, tegese sayekti, sejati, temenan, ora goroh, sampurna, pepak, jangkep ora kurang.
15. NYAWIJI yen kacekak NYA, tegese manunggal, kumpul, ora pisah, samad sinamadan, limput linimputan.

Dadi PA, DHA, JA, YA, NYA anduweni teges, "wadhah" kanggo papane dhawuh kang wus manunggal kalawan bumi, tegese wadhah lan isine ora pisah, utawa sing andhawuhi lan sing diparingi dhawuh wus nyawiji (manunggal).

16. MARMANE yen kacekak MA, tegese mulane  sanyatane, akibate, kedadeane.
17. GANTYA yen kacekak GA, tegese ganti berobah, owah sipate, owah wewujudane, owah kahanane.
18. BINUKA yen kacekak BA, tegese kabukak, menga, diweruhi, kaweruhan, katon, mengerti, karasa, kasat ing mata.
19. THUKULING yen kacekak THA, tegese tuwuh, semi, medot, berobah saka asale, pindhah saka asale.
20. NGAKASA yen kacekak NGA, tegese ngawiyat, dirgantara, awang-awang, ndhuwur ngantariksa.

Dadi MA, GA, BA, THA, NGA anduweni teges: Mulane banjur owah wewujudane lan banjur thukul ing awang-awang, tegese ana nanging durung kasat mata, ya pirantine panca driya.

Kejaba aksara jawa ana rongpuluh iki sejatine tinggalane para keluhur nalika mbiyen, kena kanggo sesambungane pangandikan tumrap siji lan sijine, uga ngemu surasa nalika isih ana jaman ketentraman, ya jaman wiwitan.

Kawruh iki sejatine durung tutug, jalaran kejaba aksara jawa, uga ana sandhangan, tegese sawise wujud janma saiki bisa nyandhang, dadi dudu penganggo, nanging Rasane. Cacahe sandhangan iku mau aba rolas iki, dene aksara Hepburn ana rongpuluh, mulane aksara Jawa kabeh iku ana telungpuluhloro. Telu tegese asalira, rasaning bapa, rasaning biyungl  lan titising Hyang Jagad Pratingkah, dene loro kuwi tegese wadhah kan isine.


Kapetik saking; Pustaka Wedha Sasangka.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun