Mohon tunggu...
SURYO PURWANTI
SURYO PURWANTI Mohon Tunggu... Guru - Profesi Pendidik

Saya adalah seorang guru yang bekerja di Yayasan Pangudi Luhur. Hobi saya mengikuti berita terbaru

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Pekewuh

21 Desember 2022   09:55 Diperbarui: 21 Desember 2022   10:12 240
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

 

Tembung pekewuh ugi nduweni teges rikuh, canggung, ewuh, isin, sungkan, wedi. Sikap pekewuh ugi nduweni teges boten sekeca menawi dadosaken tiyang sanes lara ati utawi ngrugiaken tiyang menika. Ingkang utami inggih menika tansah menggalih tiyang sanes.

Budaya pekewuh inggih menika budaya ketimuran, prasasat sedaya tiyang mangertosi ngengingi budaya menika, mliginipun saben tiyang Indonesia mesthi tansah junjung budaya ewuh pekewuh utawi raos sungkan menika lan saged dipunwastani ngurmati tiyang sesaminipun.

Budaya ewuh pekewuh menika nduweni teges nggadhahi wates lan ningkataken rasa paseduluran wonten ing sakupenging kahanan, organisasi utawi pakempalan.

Budaya menika inggih patuladhan budaya timur ingkang nduweni ancas boten badhe ngisin-ngisinaken tiyang sanes utawi ndamel raos lara atine sapadha-padha.

Budaya ewuh pekewuh menika saking basa Sansekerta, ewuh nduweni teges repot lan pekewuh nduweni teges boten sekeca raosipun.

Ing budaya ewuh pekewuh wonten satunggaling rasa pribadhi ingkang nduweni raos kang alus lan nggadhahi tataran ingkang inggil wonten ing trap-trapaning njaga rasa tiyang sanes, ananging wonten ing sisih sanes ewuh pekewuh ugi mbatasi supados boten blaka suta nalika atur panyarwe sarta kaleresan. Bab menika asring kadadosan tiyang ingkang wonten ing tataran ngandap ingkang boten wantun ngandaraken panyarwe kalian tiyang ingkang kagungan tataran ingkang langkung inggil, saengga bab menika naleni tuwuhipun penggalih lan kreatifitas tiyang.

Ananging menapa ingkang kadadeyan menawi budaya ewuh pekewuh kalangkung kabablasan? Bab menika mesthinipun saged ngrendetaken lampahipun pakempalan lan ancasing ingkang badhe dipungayuh ing pakempalan menika.

Tuladha malih inggih menika atasan lan bawahan, dados sanajan ingkang lepat menika atasan lan asring dipunambali ananging bawahan mendel kemawon.

Nalika budaya ewuh pekewuh sampun kalangkung luwih, mangka damelaken tiyang matur "Yes Man" utawi penting bapak senang. Wonten wingking matur boten sarujuk ananging wontenngajeng matur sarujuk, kamangka boten wonten manungsa ingkang sampurna, sedaya manungsa prelu dipunlurusaken, dipunarahaken lan dipunparingi pengkoreksian dhiri.

Prekawisipun boten bab maturipun ananing kadospundi caranipun matur.

1. Ngutamakaken kabetahan, panyarwe, rasa, kepinginan, lan kayakinan kanthi cara langsung, blaka suta lan unggah-ungguh.

2. Nyepeng hak pribadhi kanthi cara boten ngurbanaken hak tiyang sanes.

Sungkan, wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia nduweni teges :

Males nindakake satunggaling pakaryan.

Rumangsa boten kepenak ati

Wontenipun rasa kurmat utawi segan.

Pamanggih sanesipun inggih menika ngandharaken bilih sungkan yaiku serapan saking Bahasa Jawa ingkang boten nggadhahi padanan ingkang trep wonten ing Bahasa Indonesia. Peranganing basa ingkang jumbuh kaliyan tembung sungkan inggih menika : lingsem; males; kurmat. Ananing wonten ing tembung-tembung menika boten wonten tembung ingkang trep kangge nyengkuyung tembung sungkan menika.

Sungkan inggih menika rasa ingkang khas saking budaya Jawa (Faizal Ramadhan,2015), ingkang maknanipun "ewuh pakewuh'. Wonten ing sanes-sanesipun, sungkan inggih menika setunggal emosi ingkang benten lan boten sami kaliyan budaya sanes ingkang kadadosan saking raos ingkang namung dipungadhahi kaliyan tiyang Jawa. Sungkan langkung asring dipundadosaken alesan tiyang kangge nindakaken pakaryan lan boten purun nindakaken pakaryan.

Menawi sungkan dipuntegese males, saged dipunpesthikaken bilih sungkan dipunagem dados alesan supados boten nindakaken pakaryan. Inggih menika setunggal tembung ingkang dipunrasa langkung trep kangge paring pangertosan bilih piyambaipun males.

Menawi sungkan dipuntegese boten sekeca ati, mangka kedah dipunpadosi mula bukanipun utawi tukipun rasa menika. Menapa saking rasa ajrih menawi lepat, ajrih menawi lingsem, utawi saking rasa nandang wuyung ingkang mendel kemawon. Tuk menika ingkang kedah dipunpadosi rumiyin lajeng dipunudari kanthi cara ingkang trep.

Ananging menawi sungkang tegesipun segan utawi rasa kurmat, menika ugi kedah dipunpitakenanken. Amargi rasa kurmat boten ateges boten wantun dungkap satunggaling bab. Tembung sanesipun, nalika kita boten wantun matur satunggaling prekawis kaliyan tiyang sanes, teras boten kita dipunbiji bilih kita ngurmati tiyang sanes menika.

Budaya sungkan utawi ewuh pekewuh ngalami degradasi amargi perkembangan teknologi komunikasi. Kaliyan teknologi, wicantenan dados langkung gampil amargi wicantenan kadadosan tanpa pepanggihan. Pitakonanipun, menapa sungkan taksih saged dipunterapaken wonten ing jaman teknologi komunikasi kados samenika?

Menika pitakonan ingkang kedah dipunwangsuli kaliyan tiyang-tiyang ingkang asring ngraosaken raos sungkan menika. Menawi panjenengan boten saged mangsuli mula bukanipun raos sungkan, mangka sungkan taksih tetep dados prekawis wicantenan panjenengan, menawipun wonten saenipun menawi panjenengan tindak wonten psikolog utawi psikiater. Prekawis wicantenan panjenengan kedah dipunudari wiwit samenika.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun