Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Artikel Utama

Gawe Regenge Pangibadahan

21 Mei 2015   01:15 Diperbarui: 17 Juni 2015   06:46 64
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

Ki Panut kang dituwakkake dening masyarakat sawijining wektu sabubare sembahyang "Isya', leyeh-leyeh ing emperane mushola sinambi jagongan karo Ki Parmin sing kulina ngumandangake adzan ing mushola iku. Kekarone rumangsa prihatin, ngrasakake krentege wargane kanggo nondakake sholat kanthi jama'ah ing mushola iku.

"Ki Parmin, kula rumangsa nelansa ngrasakake nasibe mushola iki." negndikane Ki Panut miwiti obrolan.

"Lha ingkang dipun penggalihaken menapa, Ki Panut?" semahure Ki Parmin.

"Sampeyan kelingan jaman lagi gotong royong kanggo gawe mushola iki?"

"Temtu kemawon, Ki Panut. Sedaya warga sami saiyeg saeka praya, sami sengkut gumregut. Sedaya tumandang sesarengan, urun ragad ugi urun tenaga murih mushola engggal rampung lan saged dipun ginakaken kangge ngibadah."

"Lha, iya Ki Parmin. Rikalane lagi ngedegake mushola iki padha direwangi rekasa lara lapa bebarengan sakabehe warga. Nanging coba sampeyan rasakake, kepriye kahanane saiki? Bareng mushola iki wis dadi, ngadeg magrong-magrong, kepara ora ana bangunan liya sing luwih apik tinimbang mushola iki ing sakupenge dhusun iki, kena ngapa para warga malah banjur ora gelem ngungak maneh?"

Ki Parmin manthuk-manthuk karo nyekeli githoke. "Mila prihatos sanget, Ki Panut. Gumregahipun warga kangge ngedegaken mushola, boten ketinggal malih rikalanipun dipun ajak ngrumat lan makmuraken mushola kanthi sholat jama'ah."

"Apa Ki Parmin duwe gagasan kanggo nggugah krentege warga supaya padha gelem eling marang mushola sing ngadege direwangi korban bandha korban tenaga, kepara pikiran lan wektu?"

Ki Parmin thenger-thenger, karo mijeti pilingane sajak mikir. "Cobi mawon, mangkeh dalu wetawis tabuh sewelas Ki panut tindak mriki malih. Kula gadhah gagasan, ning bok menawi damel ribet sawetawis."

Sawise dirembug gagasane Ki Parmin, lan disarujuki dening Ki Panut, kekarone banjur sowang-soswangan bali menyang omahe dhewe-dhewe.

Kaya padatan, Ki Parmin sawise salin sandhangan saperlune, banjur klithih-klithih metu menyang cakruk. Senadyan wengi iku Ki Parmin ora kedhapuk giliran rondha, nanging wis dadi pakulinane nglonggarake wektu melu ombyak umbule warga padha jejagongan ing cakruk.

Nanging sawuse wektu nyepaki tabuh sewelas bengi, rikalane saperangan warga sing ora oleh giliran rondha padha bali menyang omahe dhewe-dhewe, Ki Parmin lon-lonan lumaku tumuju mushola. Rikala tumeka papan pangibadahan iku, Ki Panut wis lenggah ing kono, lagi wiridan. Sawuse uluk salam lan rembugan sedhela, Ki Parmin nuli nyetel piranti lespeker, banjur ngumandhangake adzan kaya dene menawa adzan rikalane manjing wektu sholat.

Krungu kumandhange adzan saka mushola ing wektu kang ora samesthine, dudu wancine kanggo adzan mula para warga sing sekawit arep mapan turu padha njenggirat. Saperangan ana sing gethem-gethem mangkela amerga kagol anggone arep turu kaged kebrebegen, nanging saperangan cingak nganggep yen Ki Parmin sajake nglindur tangi turu.  Mula saperangan warga kakung, enom, tuwa, gedhe, chilik padha enggal-enggal tumuju menyang mushola kanthi rasa maneka warna ing jroning ati. Ana sing mangkel, ana sing gumun, lan ana sing mesakake.

Gemruduge warga tumuju menyang mushola iku wis ditunggu dening Ki Panut lan Ki Parmin ing emperane mushola.

"Nuwun sewu, Ki Parmin. Panjenengan iki pancene nglindur apa wis gendheng? Wanci tengah wengi, wancine kanggo ngaso koq bengak-bengok disebarake nganggo lespeker. Apa sampeyan ki wis ora waras?" Celathune pirang-pirang warga sahur manuk.

"Coba, sampeyan padha sing sareh. Ora perlu nesu lan ngundhamana." Ngendikane Ki panut sareh ing sisihe Ki Parmin sing ngadeg njegreg.

"Pripun boten mangkel Ki Panut. Niki sampun tabuh sewelas, tengah dalu. Genah boten wancine adzan, kangge penapa Ki Parmin bengak-bengok adzan? Brfebegi tiyang ingkan nembe ngaso, Ki Panut"

"Mula saking niku, para sedherek, cobi penjenengan sareh sawetawis. Kula badhe wonten atur sekedhik. Cobi panjenengan eling-eling, rikala panjengena sedaya sami sengkud gumregud sesarengan gotong royong kangge ngedegaken mushola menika. Panjenengan soroh wekdal, soroh tenaga, lan ugi soroh banda donya kangge wragad murih saged damel mushola punika. Rikala semanten, ingkang gumantil ing penggalih panjenengan sasampunipun mushola punika ngadeg, menapa?"

Plataran mushola iku dadi sepi nyenyet. Sing keprungu mung swara ambegane warga.

"Kula pitados, ingkang tumanem ing batos panjenengan sedaya wekdul niku, sasampunipun mushola ngadeg, rampung anggenipun ambangun, mesthinipun saged sareng-sareng mgigunakaken mushola punika kangge kebetahan pangibadahan kita sedaya. Leres mekaten, para sedherek?"

"Leres, kasinggihan, Ki Panut." semahure saperangan warga.

"Menawi mekaten, samenika mangga sami dipun tlesih batos kita piyambak-piyambak. Niyat kangge sareng-sareng ngibadah migunakaken mushola ingkang magrong-magrong punika taksih sumlempit ing batos panjenengan sedaya, punapa boten?"

Sepi ora ana sing semahur.

"Menawi panjenengan boten selak. Cobi, panjenengan emut-emut. Saben-saben Ki Parmin ngumandhangaken adzan ing wanci sholat wajib, ing saben dintenipun, kaping pinten panjengan sedaya anindaki sholat jama'ah ing mushola punika? Tumrapipun ingkang nembe makaryo ing papan sanes, ing wanci dhuhur utawi 'ashar, kita sadya saged maklum. nanging rikalanipun panjenengan sadaya mireng Ki Parmin undang-undang ing wanci Maghrib lan 'Isyak, panjengan sedaya nembe repot menapa? Rikalaipun panjenengan sedaya dipun auri kangge ngrawuhi pengaosan ing mushola, panjenengan sedaya nembe ribet penapa? Menawi kula etang, saking cacahing warga muslim ing dhusun punika, ingkang kersa tindak sholat jama'ah utawi pengaosan ing mushola punika boten wonten sa pra sedasanipun. Kirang saking sedasa persen."

Ora ana sing semahur, nanging ana sing pating klesik.

"Menawi para sedherek sedaya kepareng nlesih manahipun piyambak-piyambak, kula sumanggakaken dhumateng krenteging batos panjengan. Menapa ing wekdal adzan salajengipun panjengan sedaya kersa nindaki, ngrawuhi timbalanipun Allah ingkang murbeng gesang kita sedaya, napa taksih badhe panjengan lirwakaken langkung sekeca ningali televisi, utawi kemulan ing wanci subuh. Kula kaliyan Ki Parmin dalu punika nyuwun pangapunten, bok bilih anggen kula lan Ki Parmin caos pemut panjenengan damel kaget, damel mangkel. Sedaya kala wau jalaran kula kaliyan Ki Parmin sampun boten wawasan sanes kangge gugah gumregahipun manah panjengan kangge makmuraken mushola ingkang panjengan ragadi piyambak adegipun punika. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten, semanten ugi Ki Parmin nyuwun pangapun sampun damel kaget. Menawi bedhe nglajengaken ngaso, kula sumanggakaen. Wassalamu'alaikum warrohmatulahi wabarokatuh."

"Wa'alaikum salam warrohmatullahi wa barokatuh" Semahure warga, banjur bubar tumuju omahe dhewe-dhewe kanthi pengeangen-angen mawerna-warna.

Mesthi wae lelakon iki mung sawijine dongen lan pengangen-angen. Ewadene ana sing gumathuk karo kahanan ing papan panjenegan sedaya, kabeh mau mung tiba kepinujon.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun