Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Dongeng

Kena Pokale Dhewe

8 Juni 2012   13:35 Diperbarui: 25 Juni 2015   04:14 139
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Rikala lagi lumaku ing sapinggire alas ing wanci mangsa ketiga, si gajah kepethuk karo kethek kang lagi penekan ing sawijining wit kates sing lumayan dhuwur. Pancen kapinujon ana sapirang-pirang kates sing lagi mateng, ana sing wis mateng ndalu, ana uga sing isih semburat, nanging luwih akeh sing isih mentah, kepara enom. Karo methangkling ing cawange wit kates, si kethek ngethekul mangan kates sing wis mateng ndalu. Meruhi kahanan mau, si gajah tuwuh rasa kepingin ngrasakake seger kates mateng mau. Mula si gajah banjur undang-undang marang si kancil, karepe njaluk tulung supaya dipethikake siji wae kates mateng mau.

"Thek, kethek............ dak sawang-sawang kawit mau, koq sajake awakmu lagi seneng atimu"

"Ooooo........... kowe, Jah? Ya kaya ngene iki kahananku, dititahake ing kahanan sing sarwa nyenengake. Saparan-paran aku tansah seneng, ora nate susah"

"wah.......... koq beda karo aku, ya Thek. Ing mangsa ngene iki, aku rada rekasa, anggel golek pangan. Kabeh-kabeh pada garing, menawa ana sing ora garing papane dhuwur, aku ora gaduk."

"Lha kowe ki pancen mung gedhe awakmu wae koq, jah; nanging pikiranmu bodho, ora kaya aku. Yen anane ing dhuwur, diranggeh ora gaduk, ya dipenek."

"Lha kepriye maneh, thek. Aku pancen ora bisa menek. Mbok aku njaluk kawelasanmu, sarehne kowe bisa menek, aku pethikna kates sacedhakmu kuwi siji wae"

"Hahahahaha............ lha koq enak temen, yen kepingin ya gopek dhewe"

"Mbok kowe welas marang aku ta, thek. Wis telung dina aku ora nemoni pangan sing seger. Kates siji wae, thek. kanggo tamba kepingin" penjaluke si gajah memelas.

"Apa maneh siji, secuwil wae ora bakal dak wenehi. Iki kabeh kanggo sedhiyaneku mengko sore, sesuk, lan sesuke" semahure si kethek karo sajak ngece.

"Ya, yen ora entuk katese sing mateng, mbok aku njaluk dipethikake godhonge rong papah wae"

"huh........diomongi yeen iki kabeh kanggo pasudiyanku dhewe, koq isih ngeyel. Ngene wae, yen pancen ana sing tiba utawa kecer, iku bageyanmu. nanging yen sing isih ana dhuwur, iku bageyanku"

"Wo........yah, yen pancen ngono karepmu. nanging kowe mengko aja gela, yen kabeh kates kuwi tiba, ora ana sing keri ing wite."

"Hahaha............ mokal kelakone, jah. Cobanen menawa bisa" celathune si kethek karo milih kates sing paling gedhe.

Si gajah mikir sedhela, banjur nyedaki wit kates iku. kanthi rada dlangak, tlalene si gajah ngranggeh wit kates sadhuwur-dhuwure.

"Hehehehehe........... ora bakal gaduk. Apa kowe arep mangan wite kates?"

Tanpa mangsuli celathune si kethek, si gajah nuli nggondhel wit kates, lan lumaku mundur. Bareng wit kates iku wis katon mentelung, banjur diculake. Mesthi wae wit kates iku semeblak banter, kabeh woh kates barengan karo si kethek kontal  rada adoh. Rikat si gajah marani tumibane kates-kates mau, lan meruhi si kethek sing kelaran.

"Ngapa Thek, koq pringisan? Janjimu mau, kabeh sing ana ngisor bageyanku. Kowe ora kena njaluk, jalaran bageyanmu sing isih ana ing wite" si gajah banjur wiwit mangan kates sing mateng-mateng, mung disisakae sing mentah.

"Wis, ya thek. Wetengku wis wareg, aku arep nerusake laku. Dikepenakake anggonmu nunggoni wit kates kae awoh maneh. Aja lali...............sing isih iki kabeh bageyanku, sesuk arep dak baleni"

Si kethek pringisan karo mrengut. Gonta-ganti nyawang turahan kates mentah, lungane gajah, karo wit kates sing wis prdhil tanpa godhong, apa maneh woh.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Dongeng Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun