Rikala lagi lumaku ing sapinggire alas ing wanci mangsa ketiga, si gajah kepethuk karo kethek kang lagi penekan ing sawijining wit kates sing lumayan dhuwur. Pancen kapinujon ana sapirang-pirang kates sing lagi mateng, ana sing wis mateng ndalu, ana uga sing isih semburat, nanging luwih akeh sing isih mentah, kepara enom. Karo methangkling ing cawange wit kates, si kethek ngethekul mangan kates sing wis mateng ndalu. Meruhi kahanan mau, si gajah tuwuh rasa kepingin ngrasakake seger kates mateng mau. Mula si gajah banjur undang-undang marang si kancil, karepe njaluk tulung supaya dipethikake siji wae kates mateng mau.
"Thek, kethek............ dak sawang-sawang kawit mau, koq sajake awakmu lagi seneng atimu"
"Ooooo........... kowe, Jah? Ya kaya ngene iki kahananku, dititahake ing kahanan sing sarwa nyenengake. Saparan-paran aku tansah seneng, ora nate susah"
"wah.......... koq beda karo aku, ya Thek. Ing mangsa ngene iki, aku rada rekasa, anggel golek pangan. Kabeh-kabeh pada garing, menawa ana sing ora garing papane dhuwur, aku ora gaduk."
"Lha kowe ki pancen mung gedhe awakmu wae koq, jah; nanging pikiranmu bodho, ora kaya aku. Yen anane ing dhuwur, diranggeh ora gaduk, ya dipenek."
"Lha kepriye maneh, thek. Aku pancen ora bisa menek. Mbok aku njaluk kawelasanmu, sarehne kowe bisa menek, aku pethikna kates sacedhakmu kuwi siji wae"
"Hahahahaha............ lha koq enak temen, yen kepingin ya gopek dhewe"
"Mbok kowe welas marang aku ta, thek. Wis telung dina aku ora nemoni pangan sing seger. Kates siji wae, thek. kanggo tamba kepingin" penjaluke si gajah memelas.
"Apa maneh siji, secuwil wae ora bakal dak wenehi. Iki kabeh kanggo sedhiyaneku mengko sore, sesuk, lan sesuke" semahure si kethek karo sajak ngece.
"Ya, yen ora entuk katese sing mateng, mbok aku njaluk dipethikake godhonge rong papah wae"
"huh........diomongi yeen iki kabeh kanggo pasudiyanku dhewe, koq isih ngeyel. Ngene wae, yen pancen ana sing tiba utawa kecer, iku bageyanmu. nanging yen sing isih ana dhuwur, iku bageyanku"