"Wo........yah, yen pancen ngono karepmu. nanging kowe mengko aja gela, yen kabeh kates kuwi tiba, ora ana sing keri ing wite."
"Hahaha............ mokal kelakone, jah. Cobanen menawa bisa" celathune si kethek karo milih kates sing paling gedhe.
Si gajah mikir sedhela, banjur nyedaki wit kates iku. kanthi rada dlangak, tlalene si gajah ngranggeh wit kates sadhuwur-dhuwure.
"Hehehehehe........... ora bakal gaduk. Apa kowe arep mangan wite kates?"
Tanpa mangsuli celathune si kethek, si gajah nuli nggondhel wit kates, lan lumaku mundur. Bareng wit kates iku wis katon mentelung, banjur diculake. Mesthi wae wit kates iku semeblak banter, kabeh woh kates barengan karo si kethek kontal rada adoh. Rikat si gajah marani tumibane kates-kates mau, lan meruhi si kethek sing kelaran.
"Ngapa Thek, koq pringisan? Janjimu mau, kabeh sing ana ngisor bageyanku. Kowe ora kena njaluk, jalaran bageyanmu sing isih ana ing wite" si gajah banjur wiwit mangan kates sing mateng-mateng, mung disisakae sing mentah.
"Wis, ya thek. Wetengku wis wareg, aku arep nerusake laku. Dikepenakake anggonmu nunggoni wit kates kae awoh maneh. Aja lali...............sing isih iki kabeh bageyanku, sesuk arep dak baleni"
Si kethek pringisan karo mrengut. Gonta-ganti nyawang turahan kates mentah, lungane gajah, karo wit kates sing wis prdhil tanpa godhong, apa maneh woh.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H