Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Ojo Dumeh

11 Juli 2010   16:36 Diperbarui: 26 Juni 2015   14:56 122
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Bulus sing lagi lelangen ing bengawan kang banjir kuwi tanpa nyana nabrak keline si kethek. Tanpa kakehan mikir, si bulus nuli ngambang sinambi nggendhong awake kethek. Alon nanging mesthi, si bulus nglangi menyang sapinggiring banyu banjir. Kapinujon, anggone nglangi si bulus teka ana papan gumuk watu gedhe. Alon-alon si bulus menek menyang sadhuwure watu karo isih nggendhong awake kethek sing semaput. Sawuse ngudhukake awakekethek saka gendhongan, si bulus nggunakake sikile nabuhi wetenge kethek nganti kethek kuwi muntahake banyu saka wetenge. Bareng karo metune banyu saka wetenge kethek, sikethek mbukak matane.

Lamat-lamat katon wewayangane bulus sing ngidakiidak wetenge, banjur sikethek eling lelakone anggone mrucut saka pang lan kecemplung bengawan. Si kethek rumangsa isin banget jalaran kelingan rikalane si bulus njaluk dipethikake srikaya dheweke malah ngina kahanane si bulus. Ora ngira ora nyana, jebul dina iki nyawane dislametake dening si bulus. Mula nganti suwe si kethek mung bisa thenger-thenger nggetune trekahe wektu iku.

Weruh si kethek wis lekas eling saka semapute, si bulus lon-lonan mudhun saka watu gedhe. Celathune bulus, "wis ya, andum slamet, aku arep nerusake lakuku golek kamurahaning gusti"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun